10.30.2008

Tuladha Sayekti

Para sederek, gambar punika fotonipun mara sepuh kula asma pun 'Pak Slamet Riyanto'. Wonten kathah hikmah lan tepa palupi ingkang sae ingkang saged kita sedaya pendhet saking panjenenganipun mliginipun kangge kawula punika.
Ing antawisipun tuladha sayekti ingkang saged kapendhet inggih punika :
1. Bapak punika kagungan pemanggih bilih sholat jamaah punika kedah pun lampahi sedaya Muslim. Pajenenganipun saestu kenceng sanget anggenipun ngrungkepi pemanggih punika, sahingga ing saben wayah mireng adzan, Bapak budidaya saged ngrawuhi sholat berjamaah. Menawi pinuju wonten margi, lan mireng suanten adzan Bapak mandheg lajeng pados papan panggenan (masjid) kangge sholat jamaah.
2. Menawi telat sholat jamaah (masbuk), pejenenganipun budidaya sholat saklajengipun adzan. Dados menawi Dhuhur telat, Ashar insya Alloh pejenganipun ingkang adzan, menawi Ashar telat, Maghribipun Bapa ingkang adzan.
Sedere mangga pun pendhet hikmah punika, mugi sae ing sedayanipun.
Share:
Read More

10.23.2008

Mutah lan Lemesipun Anggarbini

Sampun wetawis tigang minggu punika, istri kawula nyebut lemes amargi asring mutah. Saben wayah raosipun mungkuk-mungkuk kemawon kraos badhe mutah. Panci awrat menawi nembe anggrabini enem, sapunika nembe ngancik alih wulan.
Sejatosipun kula uga mesakaken menawi mangertosi kahanan istri kula ingkang kados mekaten, punapa malih ujaripun tiyang sepuh 'pancen yen mbobot anak nomer telu iku abot-abote wong mbobot koq nak.' Nanging kedah pun niati punika kange ibadah, putra punika celengan amargi menawi kita saged nggulawenthah putra dados sholeh-sholehah, Insya Alloh mboten namung wonten donya kemawon kita badhe ngundhuh ananging wonten alam kubur lan akherat ugi badhe netes.
Pramila sederek saestu dados ibu punika panci takdiripun Alloh lan kedah pun tampi kanthi suka renaning penggalih, amargi menawi mboten wonten ibu donya punika badhe cuthel, ingkang nyambung sejarah mboten wonten.
Mugi saking guwa garbanipun istri kula badhe lair para putra ingkang saged dados tepa palupining agesang, sabar lan pinter syukur ugi ngabekti dumateng tiyang sepuhipun. Mbok bilih punika kudanganipun Manthous kangge para putra :
anakku sing bagus dhewe
sesuk pinter sekolahe

suk yen wis nyambut gawe

kudu mlaku sak mesthine

Share:
Read More

10.14.2008

Anggarbini

Rasulullah saw ngendika : ‘…..Ora ana wong wadon siji wae sing mbobot saka bojone kajaba deweke pinayungan Gusti Alloh nganti deweke ngrasakake lara amarga babaran, lan saben rasa lara sing dirasakake ganjarane kaya dene merdikaake budak sing mukmin. Yen wus babaran lan nusoni, kamangka saben tetes susu sing disesep anake ndadekake cahya kang sumunar ing ngarepane suk neng akherat, sing nggumunake saben uwong sing ndeleng. Kajaba iku deweke cinathet kaya dene wong pasa, lan umpamane pasa iku tanpa buka mesthi bakal dicathet kaya dene pasa lan sholat wengi selawasing urip. Rikala nyapeh anake Gusti Alloh Kang Maha Agung dhawuh : ‘He wong wadon, Ingsun wis ngapuro dosa-dosamu sing uwis-uwis, mula anyarna maneh sakabehing amalmu’. (Mustadrak Al-Wasail : bab 47, kaca 623)
Estu bingah rasaning manah punika, jer mangertosi bilih garwa kula nembe anggarbini putra kawula ingkang nomer tiga, nyuwun donga panestunipun mugi dipun paringi gampil ing sedayanipun. Mugi gampil anggenipun mbobot, seger waras ing sewayah-wayah, lahir saged gampil, dados putra ingkang sholeh utawi sholehah, mbangun miturut dumateng Alloh, rasul lan ugi tiyang sepuhipun, migunani mungwing agama, bangsa lan negari. Wasis ing sekathahing sumukawis, saged dados tepo palupining agesang, pinaringan slamet donya lan akheratipun.
Matur suwun lan kepareng ngaturaken sugeng riyadi sedaya lepat nyuwun pangaksami.
Share:
Read More

9.19.2008

Ngundhuh THE 4th AWARD FOR KAYLAKITA

Alhamdulillah, sedaya syukur namung pantes katur wonten ngarsa dalem Alloh SWT, ingkang sampun kepareng naymbung pasederekan kita sedaya sanadyan namung lumantar donya ingkang mboten ketinggal.
Matur nuwun dumateng Bunda Kayla ingkang sampun kersa paring pakormatan dumateng kawula, mugi kesaenan punika saestu dados taneman kangge gesang ingkang langkung sae wonten ing donya lan akherat. Suwun matur nuwun.
Share:
Read More

9.17.2008

Dununge Kautaman Sejati

Satemene kautamaning saben-saben pawongan iku dumunung ana ing telung perkara; pandengane, menenge lan omongane. Lire kepriye? Wong kang utama iku pandengane pikir, menenge mikir lan omongane dzikir.
Pandengane pikir ing ateges saben pandengane marang samubarang, wong iku mau bisa entuk pituduh saka sing dipandeng. Sejatine saben samubarang kalir sing gumelar ana ing ngalam donya iku mujudake ayat-ayate Alloh sing kudu diwaca, iku uga diarani 'maca kahanan'.
Menenge mikir ing ateges wong kang utama saben menenge mikir, ora ngantuk utawa ngalamun. Pikirane mung tumuju marang sakabehing kabecikan, lan mikir piye supaya kabecikan sumebar ana ing lumahing bumi.
Omongane dzikir ing ateges ngomong sak omong dipikir luwuh dhisik, ora kesusu metu tundhone bakal kliru. Wong utama mono omongane ngemu kabecikan, pitutur lan ajak-ajak marang kabecikan lan kesabaran. Ora seneng ngrasani liyan, tumbak cucukan 'kulak warta adol pangrungu', luwih becik meneng tinimbang omong samubarang kang ora ana gunane.
Share:
Read More

9.08.2008

Sendang Kamulyan

Mboten wonten tiyang gesang wonten ngalam donya punika ingkang mboten kersa gesang mulya. Sekathahing tindak budidaya supados saged kacekap anggenipun gesang lan ngupadi kamulyaning gesang, nyambut damel mboten ndulu wektu, ngantos supe dateng samukawis, supe halal-haram lan paugering Gusti.
Ing wulan Ramadhan punika saestu Alloh paring kamulyan dumateng kita sami lumantas sendang kamulyan ingkang dipun sebar wonten salumahing jagad. Sendang kamulyan punika kaperang dados gangsal sendang inggih punika :
Sendang kamulyan ingkang arupi Alqur'an. 'Wong sing wasis maca Qur'an bakal sesandhingan marang malaikat sing mulya lan bekti, lan wong sing grothal-grathul anggone maca Qur'an entuk ganjaran loro cacahe' (HR. Bukhori-Muslim). Dados eman sanget menawi ing wulan punika wonten piyantun muslim ingkang mboten kersa maos Qur'an, rugi sanget!!!
Sendang kamulyan ingkang arupi Tarawih. Saestu sholat Tarawih mekaten ikhtiar kangge ngulintenaken kita supados sholat dalu, sahingga ing sajawinipun wulan Ramadhan kita sampun kulinten lan enthenglampahi sholat dalu.
Sendang kamulyan ingkang arupi Masjid. 'Kabarna marang wong kang gelem lumaku ing wengi kang peteng tumuju masjid menawa bakal oleh cahya kang padhang ana ing akherat. (HR. Al-Hakim lan Tirmidzi).
Sendang kamulyan ingkang arupi Fajr dumugi Dhuha. Punika wekdal ingkang sae kangge dzikir, emut dumateng Alloh, pramila monggo tansah emut dumateng Gusti supados kita dipun gatosaken lan pikantuk kesaenan donya-akherat.
Sendang kamulyan ingkang arupi Istighfar. 'Satemene Alquran iku nuduhake marang sira lelara lan obate, lelaraning urip yaiku dosa lan obate arupa Istighfar' (Qotadah)
Mugi-mugi kita sedaya pikantuk kamulyaning gesang donya-akherat lumantar wulan Ramadhan ing taun punika.
Share:
Read More

8.25.2008

Timbalaning Gusti Alloh

Kapendet saking sawetawis seratan wonten ing internet, punika pitedah ingkang sae mungwing kita sedaya umat Islam kagem lumampah ing pagesangan kita. Sederek kula ingkang pantes dados kekasihipun Alloh, Gusti Alloh SWT namung kepareng nimbali titahipun wonten ing ’tigang kahanan’.
Timbalan ingkang sepindah : Adzan, sanajan adzan punika ingkang ngumandangaken muadzin nanging sejatosipun punika timbalaning Alloh dumateng tiyang Muslim supados emut lan gegancangan tumuju maring papan pasholatan. Kathah tiyang ingkang mboten nggatosaken timbalan adzan punika, repot maring sedaya urusanipun, ngulur-ulur wektu lan malah-malah mboten nindakaken sholat. Alloh SWT asring mboten maringi pidana ingkang sauwat dumateng tumindak nyepelekaken timbalan punika ananging pun ulur mangke wonten akherat. Nanging kanggenipun tiyang ingkang kagungan raos iman ingkang kandel badhe kraos mboten sekeco menawi mboten gegancangan nindakaken sholat jamaah.
Timbalan ingkang kapindho : Haji. Timbalan punika saestu mboten namung kangge tiyang ingkang kagungan bandho donya kemawon amargi haji punika saestu dados wewadinipun Alloh, kathah tiyang ingkang pun nalar mboten saged bidhal e......... pranyata saged nindakaken nanging ugi mboten sekedhig ingkang gesang adus mas picis raja brana umpanipun ananging mboten kersa minggah haji. Timbalan haji punika badhe santer tumuju maring kita menawi krenteg kita kiat, niat kita golong gilig, insya Alloh badhe pun gampilaken ing sedayanipun kaliyan Alloh. Ananging mboten badhe dumugi menawi krenteg, niat lan kekiatan ngupadi kita sedaya mboten saestu-estu. Mesthi kemawon donga pamuji ing rina lan wenginipun badhe sansaya nyelakaken gegayuhan luhur punika.
Timbalan ingkang katiga : Pati.
Share:
Read More

Kado Tanggap Warso sing Nrenyuhake

Cruing.....cruing telepon gegeme bojoku muni ing dina Setu isuk (23/08) tandane ana SMS sing mlebu. Hape dibukak banjur diwaca sms-e jebul saka adhiku wadon Klaten, 'Met Ultah ya Mbak moga tambah sabar'. Anak lanang-Mas Itsar (7 th) takon, 'Sms saking sinten Mi?' banjur melu maca apa isine sms iku mau.
Ora suwi Mas Itsar mbisiki Dik Iffa (3,5 th), wswswswsws. Banjur dik Iffa ngomong, 'apa mas?', mas Itsar mbisiki maneh banjur mesem........ Kebeneran mau isuk mas Itsar diparingi duit 2.000 rupiah saka mbah Utine, sing banjur dititipke marang Ummi.
Mulih saka sekolah duit sing mau dititipke Ummi disuwun mas Itsar, banjur mlayu bablas mbuh neng endi. Mulih saka dolan sing mung sedela banjur mlebu kamar ngajak adhine wadon, golek gunting, golek solasi (selotip) banjur lawang kamar dikunci. Ora suwe dik Iffa metu sithik sirahe terus mbisiki aku, 'Bi, rahasia!!!!'. Hehehe ana-ana wae anak-anakku iki.
Aku karo Ummi banjur mlebu kamar meh istirahat dhisik mergo mau wis mider-mider nganti kesel, dumadakan mas Itsar mlebu kamarku karo menehake bungkusan apik marang Ummi, 'Mi, iki kangge Ummi sing Ulang Tahun!!!'. Kaget temenan aku lan Ummine koq bocah semono wis mikir menehi kado ultah marang Ummi. Kagetku karo Ummine ndadekake bocah loro padha sueneng mesam-mesem.
Kado dibukak eeeeee isine hand & bady lotion merk Citra sing cuilik, ana kertas suwekan ukuran 2 x 10 cm sing ditulis tangan, 'Selamat ulang tahun jangan sering marah-marah ya Mi.' Subhanallah............ Duh Gusti matur sembah nuwun sampun kepareng maringi kawula para putra ingkang lucu-lucu.
Sawise ditlusuri duit 2.000 rupiah mau kanggo tuku Hand & Bady Lotion, jarene duite pas lha sing tuku neng tangga. Ning Ummi wis tak pesen coba ditakonke neng warung menawa duite kurang.
Share:
Read More

8.20.2008

Duren

Ing wulan September 1995 sakwise lulus kuliah ana ing sekolah kedinasan ing Jakarta, aku nampa SK Penempatan I ana ing Palopo-Sulawesi Selatan. Rikala maca SK iku aku bingung amarga aku durung mudeng ngendi iku Palopo. Mulih saka napa SK banjur tuku peta Sulawesi Selatan, o...... jebul Palopo iku sakngisore Tator (Tanah Toraja).
Bapak-simbok lan uga tangga tepara ana ing Karangdowo-Klaten melu susah, apa maneh...... wah gak wani neruske hehehe. Nanging kancaku dolan sing adate diundang 'Lurahe' menehi aku pitutur, 'kowe kudu budal, amarga ora ana wong sing kasil yen deweke ora wani'. Cekaking crita aku sida budal menyang Palopo.
Ing Palopo aku wis ditunggu kakak kelasku sing wis penampatan disik ing tahun 1993, deweke syukur aku teka mrono amarga jarene deweke duwe pengarep-arep bakal mutasi menyang tanah Jawa, lha wong deweke iku wong Salatiga je.
Wektu ana ing Klaten aku pancen wong sing ora doyan duren, lagi mambu wae aku wis klepek-klepek je apa maneh yen mangan mumet...... ning bareng aku neng Palopo, kakak kelasku iku mau menehi ngerti 'Sam, yen neng kene gak doyan duren, rugi!!!! amarga neng kene panggonane duren!!!!' Pancen sedulur ing rikala iku duren neng Palopo murah banget tuku seket ewu wis entuk duren sekarung!!!!!
Saben Ramadhan asring kanca-kanca Jawa sing padha merantau kumpul-kumpul 'Pesta Duren', saiki aku wis doyan duren lan wis mutasi kerja neng Solo banjur dipindah maneh menyang Jakarta. Saiki yen mikir duren aku ya mumet je........ mumet regane!!!! Bareng wis doyan sing nggo tuku gak ana. hehehe ana-ana wae.
Share:
Read More

Obah Owah

Ora bisa diselaki saben-saben apa wae sing ono neng ngalam ndonya iki mesthi obah mesthi owah. Tetanduran sing maune mung wiji banjur tukhul ngremboka sansaya suwe sansaya gedhe ing tundone banjur mati. Kewan sing maune lagi lair dadi gedhe-kawin-manak banjur mati utawa dipateni kanggo keperluane manungsa.
Nanging sedulur coba wespadakna, wit gedhang kae yen isih cilik banjur dipancas nganggo arit bakal tukhul maneh. Debog bakal mati menawa uwis menehi gedhang utawa ngasilake uwah sing legi lan mupangati marang manungsa. Debog utawa wit gedhang bisa kanggo jejeran wayang kulit, kanggo lambaran kembang ing bokor kanggo matenan, disuwir-suwir cilik bisa kanggo tali tempe dele tradisional, dirajang alus bisa kanggo pakan sapi. Gedhang utawa wohe....... wah ora usah dirembug kanggo criping, didhahar langsung, digodhog, dimasak kolak, nagosari, apolo sidang, es pisang ijo lan liya-liyane. Godhonge.. kanggo mbuntel-mbuntel umpamane arem-arem, nagasari, bothok rasane dadi luwih enak lan gurih.
Saiki coba awakke dhewe, wis aweh manpangat apa marang sepadha-padha, utawa malah gawe kapitunan mungwing sesami? Awaki iki tetap bakal obah-owah, ning obah lan owahe awaki iki tumuju marang kabecikan utawa tumuju marang ala.
Share:
Read More

8.14.2008

Tresno Saka Kadohan

Wis meh rong taun aku pisah saka kulawargaku, wiwit aku entuk SK kantor dipindah saka Solo tumuju kutho gedhe Jakarta ing wulan Oktober 2006. Wektu arep budhal rasane aboooooot banget amarga kudu adoh saka anak-bojo sing tak tresnani. Nanging bojoku menehi aku kekuatan supaya tetep budhal nyang Jakarta amarga yen aku ora budhal arep nyambut gawe apa wong durung duwe 'pethingan' sing cukup kanggo golek kaya.
Dina sing tak liwati pancen abot, krasa suwe lan gawe ati nelangsa. Nanging bareng kabeh wis kulina banjur nemu hikmah sing pancen wis ditetepake Alloh marang titahe. Rasa tresna marang bojo, rasa tresna marang anak sansaya tambah, nilpun saben dina, yen krungu suarane bojo, anak rasanya mak nyus....... kaya Bondan.
Saben dina Jumuah aku mulih Karanganyar-Solo numpak kreta 'Senja Utama', dina Setu tekan prapatan Papahan-Karanganyar banjur ditunggu bojo lan anak wedokku sing prei sekolahe..... wah wah wah pancen nikmat yen mengkono kuwi, sanajan mengko Minggu sore kudu budal maneh menyang Jakarta.

Share:
Read More

8.05.2008

Sithik Edhang Waton Rata

Kelingan jaman cilikanku, wektu iku aku isih tunggal omah karo Pak Tuwo (simbah) sing gaweane saben dina deres klapa kanggo gawe gula jawa. Neng mah siji iku urip bareng-bareng Pak-Mbok Tuwo (simbah), Bapak-Simbok karo anak-anake (aku + adhiku 2), bulikku sing durung rabi.
Jaman susah... mangan wae dijatah. Menawa liwet wis mateng, enggal wae dikedhuk banjur ditaningi neng piring, sithik-sithik sing penting rata. Tanduk? wah..... ora ana!!!! Liwet mung pas kanggo mangan ganjel weteng thok ora wareg mung wis ngrasakke sega.
Jangan saben dinane mung jangan bening, ampase sithik duduhe akeh. Lawuh tempe-tahu iku wis luwih saka cukup. Kala-kala ndadar endhog loro, endhoge dibumboni uyah lan bawah sing rada akeh jare gen nglawuhi. Yen endhog wis nyemplung neng wajan, wajan banjur diangkat lan digoyang supaya endhog dadare dadi gedhe jembar. Yen wis mateng banjur diiris didum.
Bareng saiki....... anak-anakku wae yen maem angel, sega akeh, lawuh kari matur insya Alloh ditumbaske. Senenge maem mie, jajanan.
Share:
Read More

8.04.2008

Duwe Mobil ning Ora Mobile

Jamane aku isih sekolah neng SMAN 1 Klaten, aku wis wani nyoba nyetir mobil kagungane bapak colt-T tua. Biasane bapak parkir mobil neng kulon omah lan kunci digletheke neng meja. Kunci iku takjumuk banjur aku nyoba nyetir mobil.
Ndelalah bapak mirsani polahku rikala semana, sawise aku mulih aku diundang bapak, 'Le...., bapak ora seneng yen kowe nyetir mobil, bapak wedi kowe mengko malah ketungkul anggone dolanan mobil terus lali sinau, wis ora usah dolanan mobil dhisik suk yen wis cekel gawe, kowe bakal iso dewe.'
Sakwise kedadeyan kuwi aku banjur ora wani maneh dolanan mobil. Durun suwe iki aku pinaringan rejeki saka Alloh banjur iso tuku mobil Kijang Super 1993, aku, bojo, lan anak-anak seneng kabeh ning aku durung teteh anggonku nyopir, apa maneh mobil sing eneng 'irunge'. Menawa lunga-lunga luwih seneng numpak uduk tinimbang numpak mobil, lha wong isih cenunak-cenunuk je.
Yen tak pikir-pikir....... 'Duwe Mobil koq ora Mobile'...... hehehehe
Share:
Read More

7.24.2008

Nyuwun Sunat (Tetak)

'Bi, yen sunat ki sakit mboten ta Bi?' Sore-sore pas preian sekolah wingi anakku lanang takon karo aku mengkono kuwi. Banjur tak jawab, 'mboten mas, mung kaya dicokot semut koq'. 'Wah yen ngoten mbok kula ndang disunatke mawon'. Kaget aku krungu penyuwunane anakku lanang, lha wong nembe kelas 2 SDIT Insan Kamil Karanganyar we koq wis nyuwun sunat.
Aku banjur rembugan karo Ummine, nanging Ummi isih mesakke 'lha isih ilik ngono we koq Bi', jarene bojoku. Yen tak pikir-pikir ya pancen mesakke, apa maneh yen rembugan karo mbah Kakung Klaten (Bapakku) mesthi saya ora pareng, paling-paling dijawab, 'Le...Le, lha wong bapakmu (aku=sing nulis) we tetake pas kelas 3 SMP ngono lho, kowe lagi kelas 2 SD we koq wis ribut!!! Ora, suk mben wae mengko malah kecenthet'.
Bareng wingi wis wiwit melbu sekolah, anakku lanang tambah 'ngedrel' maneh nyuwun sunat amarga kanca kenthele sing jenenge Hisyam jebule ya wis sunat pas preen neng ngono mbahe Purwokerto. Hayoh piye iki!!!!!
Share:
Read More

Antawisipun Sae kaliyan Leres

Ing parepatan wulanan, wonten satunggaling tutur ingkang sae saking Kepala Kantor kula. Pajenenganipun ngendika bilih, 'Yen aku kudu milih ing antarane apik utawa bener, aku bakal milih sing bener sanajan bener iku mau ora umum'.
Sederek kula ingkang pun rahmati Alloh SWT, saestu ing jaman kemajengan kados sapunika angel sanget bentenanken pundi ingkang sae lan pundi ingkang leres, pundi ingkang halal lan pundi ingkang haram. Sedaya punika betahaken ngilmu ingkang saestu-saestu pun padosi saking sumber ingkang shahih. Masyarakat sapunika sampun mlebet tataran masyarakat 'Instant' lan ugi radi 'lodhang' tumraping sedaya tumindhak ingkang mboten sae, asring mboten ngangge landesan agami kanggo mendet keputusan.
Pramila estu badhe sae mungwing kita sedaya ing akherat menawi semukawis tindak-tanduk, muna-muni ing pagesangan kita sedaya kedah hanggadahi penggalihan lan ugi kedah linambaran ngilmu agami ingkang cekap. Menawi kita dereng mangertos, kedah ngupadi saged wonten pengaosan-pengaosan, wawan pangandikan kaliyan para winasis, maos buku, layang kabar lan sakpanunggalanipun. Sahingga saestu kita saged milah pundi ingkang leres lan pundi ingkang sae, tundhonipun saged nglampahi sedaya kesaenan ingkang sampun pun garis Alloh SWT. Mugi kita sedaya pun tuntun Alloh supados saged mbentenaken ingkang leres lan lepat. Aaamiin.
Share:
Read More

7.21.2008

Mlaku Teh (Tea Walk)

Ing dino Minggu (20-06-2008) Alumniku ngenengake Family Gathering neng Gunung Mas Bogor, kanca-kanca sing saka Jakarta, Bogor, Bandung, Pamanukan kabeh padha bisa kumpul sayuk-rukun mbangun desa hehehe, mengkono uga aku ya melu nekani acara kasebut.
Ana pitutur apik sing kapethik saka acara kuwi mau, lha critane mengkene. Ing wanci iki nembe ana diklat ana ing Balai Diklat Jakarta, ndelalah kanca-kanca putri saka Jawa Timur, Jawa Tengah ya akeh sing diklat. Meneri ana acara Family Gathering sing nganggo acara Tea Walk e............ ana kanca sing diklat, wis dijaki wae bene bisa reuni-nan sisan. Banjur kanca sing saka Jawa Timur, jenenge Er nelpon bojone e........ jebul bojone ora paring lilah marang kancaku kuwi mau. Banjur kancaku iku, Er ora sida melu!!!!!
Subhanallah, aku mongkog (bangga) tenan duwe kanca putri sing pinter ngajeni kakunge, arep nyandi wae mesthi nyuwun lilah (ijin) marang kakunge. Kamangka ing jaman saiki arang-arang lho ketemu wong wadon sing ngene iki, apa maneh yen priyayi putri iku mau wing duwe kaya lan bisa golek upa dewe. Sepisan maneh, sanajan aku gelo kanca putriku iku mau ora bisa melu, ning aku tetep bombong (bangga) duwe kanca putri sing ngono kuwi.
Suwun ya Er wis menehi aku pitutur sing apik. Kanggo kanca-kanca sing wingi bisa melu matur nuwun uga lan ojo lali ’mangan ra mangan watone kumpul, ning yen wis kumpul mesthi mangan-mangan’.
Share:
Read More

Hape

Durung suwe Ummine bocah-bocah (garwaku = bojoku) kewetu tembunge ‘Mas, mbok kula ditumbasne hape sing wonten kamerane ta mas. Lha wong adhine jenengan we ditumbasne hape ngangge kamera ngoten lho!!!’
Aku banjur nglenggana pancen saktrepe dadi bojoku, Ummine ki durung nate nembung barang sing aneh-aneh apa maneh sing regane luwih saka seket ewu. Lha wong yen dijak neng Mall we seneng nonton klambi, jubah, kudung lan apa wae banjur ditiliki regane sing temempleg neng dluwang merk-e ning yen regane kliwat seket ewu, biasane banjur mencep hehehehe………
Ning saiki nganti kewetu tembunge sing kaya ngono kuwi, iki mertandani yen awakku iki durung bisa ‘adil’ marang bojo. Menawa tak gagas ya pancen kebangeten aku iki, lha wong adine wadhon we ditukokne hape nganggo kamera koq malah bojone isih nganggo hape Nokia elek type N2115. Ngapunten ya Mi, yen aku durung bisa adil marang awakmu. Duh Gusti Alloh keparenga paring pangapunten dumateng kawula ingkang dereng saged nuhoni lan ngenggeni jejere tiyang kakung.Kedadehan iki uga bisa dadi pepiling marang aku, ‘lha wong siji wae durung bisa adil ngono lho, apa maneh yen……………………………..’ hehehehe gak wani nutukke. Alahamdulillah saiki wis taktukokne hape anyar Motorola W362, ana kamerane, radio FM, MP3 player pokok cukup lah lan saiki Ummi tambah sayang ta karo Abi?
Share:
Read More

7.18.2008

Anak Wadhonku Sekolah

Ora krasa jebule aku ki wis tuwa, anakku wadhon sing kayane nembe wingi lair eeeee saiki wis sekolah. Rasane durung suwe lehku ngopeni, nggendhong, nyalini popog, ngedusi, diompoli lan liya-liyane lha koq saiki wis nyuwun sekolah neng pegrup (Play Group = KB).
Lagi wae anakku wadhon mlebu anggone sekolah, durung suwe udakara nembe entuk 3 dino, lha wong seminggu mung mlebu kaping telu je, ning mbayare ya tetep wae akeh.
Ing dino sing sepisan anakku wis gawe keget Ummi-ne (Ibune), bocahe matur 'Ummi mantuk wae, aku gak usah ditunggoni!!!' We lah bocah kendel tenan iki. Alhamdulillah aku duwe anak sing kendel.
Para sederek, sing diarani wektu kuwi terus.... wae mlaku, ora nggape awake dhewe melu mlaku utawa mandheg, ora urus uwong-uwong padha leren utawa terus. Sapa sing leren, lan sapa sing mandheg bakale rugi ing donya apa maneh neng akherat. Mula dulur ayo padha mlaku maneh, ndandani diri pribadi kanthi tumindak sing sae, kanthi amal sholeh tansah ngupadi ilmu sing mupangati urip kanggo sangu sowan marang Alloh.
Temen bejo wong sing padha iman marang Alloh, nindakake amal sholeh, sing padha ling-wineling marang kebecikan lan kasabaran.
Share:
Read More

7.08.2008

Tamu Agung

Para sederek, menawi kita sampun mireng bilih badhe wonten tamu ingkang badhe rawuh ing dalem kita, mesthinipun kita badhe tata-tata supados tamu punika saged betah lan remen pinarak ing dalem kita. Punapa malih menawi tamu punika tamu agung, tamu ingkang kita remeni, kita bekteni mesthi kemawon kita badhe langkung malih anggenipun laladi dumateng tamu punika.
Umpaminipun bapak Lurah, Bapak camat, Bapak Bupati ingkang badhe rawuh wonten dalem kita, mesthi kita badhe resik-resik omah, ngecet, nata-nata ruang tamu lan sanes-sanesipun supados katon rapi, edi peni.
Sekedhap malih kita sedaya, Muslimin badhe nyambut rawuhipun tamu agung ingkang pun wastani Wulan Ramadhan, pramila kita kedah tata-tata supados saged ngginaaken wekdal ing wulan Ramadhan punika kanthi sae lan pikantuk ridhanipun Alloh SWT. Lajeng punapa ta ingkang kedah kita sumadyaaken? Wonten 3 perkawis ingkang baken ingkang kedah kita sumadyaaken inggih punika :
1. Lahir kita. Ingkang ateges badan punika kedah saras, kangge ngadepi dhawuh ageng inggih punika siam ing wulan Ramadhan. Jagi kesarasan mesthi kemawon kedah pun estoaken. Melekan kedah pun kirangi, olahraga pun tingkataken, dhahar ingkang gizi, mboten dhahar ingkang pedes, kecut lan samukawis dhaharan ingkang saged ngganggu kesarasan kita sedaya kedah pun tebihi.
2. Bathin kita. Mangga sareng-sareng ningkataken ibadah kita sedaya ing wekdal-wekdal punika, sholat sunnah, siam sunnah, tilawah Qur'an, sedekah lan sakpanunggalanipun kangge ngulinaaken ibadah ing wulan Ramadhan.
3. Maal kita. Wonten ing wulan Ramadhan sampun limrah menawi medalipun arta kita langkung kathah amargi dhaharan ing wulan punika langkung 'berkualitas' mesthi kemawon reginipun ugi awis. Pramila wiwit sapunika kedah sampun pun sisihaken kangge ngadepi wulan Ramadhan. Seratan punika mboten ngajak dumateng panjenengan sedaya supados boros ing wulan Ramadhan, namung njagi supados kita saged kiat nglampahi siam ngantos akhir.
Mugi Alloh SWT kepareng manggihaken kita sedaya dumateng wulan Ramadhan. Aamiin. Mekaten, matur nuwun lan nyuwun pangapunten sedaya kalepatan. nuwun.
Share:
Read More

6.25.2008

Mrentek kaya Kathok Suwek

Wis lumrah menawa bocah cilik seneng jajan, mengkono uga awakku wanci isih cilik ndek biyen. Rikala semana aku nembe umur uda kara 5 tahun. Lha ndilalah ana ing kulon omahku ana wong dodolan panganan Jawa sing saben dina mandhek ana ing kono utawa dasar ana ing kono. Panganane rena-rena; tahu bunder, plencing, pecel, karak, rambak, krupuk, jajan pasar, bakmi, tempe goreng, tahu goreng, tempe gembus lan sakpanunggalane.
Wanci awan-awan mulih dolan, enaaaak tenan yen jajan plencing nganggo tahu bunder ngombene banyu kendi sing isine banyu sumur tanpa digodhog luwih disik utawa banyu mentah. wadhuh............sueger tenan. Aku matur karo simbok supaya dijajakke plencing karo tahu bunder, alhamdulillah simbok kersa banjur aku nyuwun karo bakul (Mbah Kromo Mbothem). E..... bareng wis entuk plencing karo tahu bunder.... koq rasane isih pengin mangan tempe gembus ya, Aku matur marang simbok 'Mbok, tempe gembuse siji ya?'. Simbok banjur mangsuli 'lha koq mrentek-mrentek kaya kathok suwek!!!!'. Hehehe ana-ana wae.

Share:
Read More

Tutur dadi Sembur

Rikala aku isih sinau neng Sekolah Dasar (SD) ana ing desaku Karangdowo Klaten, aku didhawuhi bapak supaya rewang matun eneng sawah. Lha sawah iku mau panggonane jejer karo sawahe simbah cilik (adhine simbah) sing jenenge Mbah Hardo.
Dasar aku bocah kesed tur manehe ringkih, pinuju pas matun aku asring capeng utawa malang kerik amarga rasane boyokku pegel kabeh, lha ora nate nyambut gawe neng sawah tur ndungkluk koq didhawuhi matun.

Semune Mbah Hardo nggatekake anggone asring ndengengeg bantujur capeng iku mau. Mbah hardo alok marang aku, 'Sam.........Sam.......lha wong matun koq mung malang kerik wae, kowe ki ora pantes dadi wong tani, pantese dadi priyayi'.

Wanci dilokke kaya ngono kuwi atiku rada serik, wadhuh....... jebul Mbah Hardo mriksani aku ta? Isin aku, apa maneh bapak ya melu ngulati aku, mesthi wae kanthi polatan sing ora nyenengake. Aku mudeng endi polatane bapak sing penak lan endi sing ora kepenak.

Kedadeyan iku tak eling-eling tenan nganti saiki. Aku ora ngira jebul ngendikane Mbah Hardo jaman semana iku dadi donga mungwing awakku. Bareng saiki aku wis ngancik dhewasa (umurku saiki wis 34 taun), aku malah matur nuwun marang Mbah Hardo, tenan!!!! saiki aku ora dadi wong tani, nanging dadi priyayi lan malah saiki cekel gawe ana ing Jakarta.

Crita iki bisa diwastani 'Tutur dadi Sembur' sing ateges rembug utawa pangandikane wong tuwa sing dadi donga. Mula saiki aku wis dadi wong tuwa (anakku 2), mesthine kudu ngati-ati yen ngendikan apa maneh marang para putra.
Share:
Read More

6.23.2008

Kunci Sakinah Mawadah wa Rahmah (5)

Punika kunci kulawarga sakinah mawaddah wa rahmah ingkang pungkasan, mboten sanes inggih punika 'Ash-shadaqah' ingkang ateges weweh utawi menehi. Kedah pun enget bilih weweh punika anggadhahi kekiatan ingkang ageng, sinten tiyang ingkang purun lan sregep weweh insya Alloh badhe pikantuk leliru saking ngarsanipun Alloh. Mekaten ugi kulawarga ingkang purun weweh dumateng sesamining agesang badhe sansaya kiyat kulawarga punika, rukun, tentrem lan kathah pun dongakaken sesami.

Pramila wonten ing salebeting kulawarga, sae punika kulawarga enggal langkung-langkung kulawarga ingkang sampun dangu kedah nuwuhaken wiji remen weweh lan tansah ikhlas namung pados ridhanipun Alloh. Saestu para sederek bilih shadaqah punika mbetahaken kekiatan, utaminipun kekiatan iman. Weweh punika mboten kedah bandha donya, ananging saged arupi punapa kemawaon ingkang mupangati dumateng tiyang ingkang pun wewehi. saged sandangan, pangan, papan malah sanajan namung esem punika ugi mujudaken shadaqah.
Share:
Read More

6.09.2008

Kunci Sakinah Mawadah wa Rahmah (4)

Salajengipun, kunci sakinah, mawadah wa rahmah ingkang ugi wigatos inggih punika 'Birul walidain' inggih punika bekti dumateng tiyang asepuh, sae punika tiyang sepuhipun kiyambak ugi mara sepah.
Kulawarga ingkang mboten bekti kaliyan tiyang sepuhipun mboten badhe saged nemahi kantentreman ing pagesanganipun. Kathah-kathahipun kulawarga ingkang mekaten punika badhe nemahi bebendu, amargi tiyang sepuh mekaten 'malati' lan sedaya tutur lan rembagipun dumateng para putra punika dados doa ingkang ijabah wonten ngarsanipun Alloh SWT.

Menawi tiyang sepuh sampun tatu penggalihipun lajeng ngendikan ingkang mboten sae dumateng para putra, saestu punika saged nemahi. Pramila bekti dumateng tiyang sepuh estu pun kiyataken wonten ing ajaran Islam, lan perlu pun emut bilih bekti dumateng tiyang sepuh saged dados margi kita sedaya lumebet wonten surganipun Alloh SWT.
Share:
Read More

5.29.2008

Kunci Sakinah Mawadah wa Rahmah (3)

Salajengipun, kunci ingkang nomer tiga inggih punika 'MUSYAWARAH' utawi rembagan. Bilih semah punika kedah pun suwuni pamanggih kados pundi saenipun kulawarga punika saged lumampah wonten margi ingkang pun ridhai Alloh SWT. Sedaya samukawis ingkang pun lampahi kanthi linambaran musyawarah, insya Alloh badhe langkung sae tinimbang ingkang pun putusaken piyambakan. Mesthi kemawon, sirah kalih langkung sae tinimbang sirah satunggal.
Pramila sederek mangga kita tansah rembagan rumiyin menawi badhe nindakaken samukawis ingkang wigati, langkung sae malih menawi sedaya tindak punika saged pun musyawarahaken rumiyin kaliyan sisihan kita.
Share:
Read More

5.23.2008

Kunci Sakinah Mawadah wa Rahmah (2)

Menawi niyat sampun golong gilig namung tumuju dumateng Alloh, mesthi kemawon sedaya obah owahipun kulawarga saged pun biji Alloh dados ibadah. Ngajari para putra sinau, laladi kakungipun, masak, macak, manak, lan sedaya kemawon saged dados ngibadah. Pramila kedahipun sedaya kulawarga saged ngenggalaken niyat malih supados pagesangan kulawarga hanggadhahi biji ibadah ingkang ageng.
Salajengipun kunci kulawarga samara ingkang ongko kalih inggih punika TSIQAH ingkang ateges pitados. Kedahipun penganten kekalih gadhah raos pitados dumateng sisihanipun. Amargi namung kanthi raos punika kulawarga saged ayom, ayem, tentrem. Lan ingkang baku malih, sisihan punika kedah saged njagi kapitadosan saking sisihanipun ampun ngantis slinthutan.
tuladhanipun menawi ingkang kakung badhe caos punapa kemawon dumatheng tiyang sepahipun, ingkang nyaosaken ingkang putri, makaten ugi kosok wangsulipun.
Share:
Read More

5.19.2008

Kunci Sakinah Mawadah wa Rahmah (1)

Kala dinten ahad wingi (18/05) kula dugeni walimatul ursy (nikahan) rencang ingkang sampun sawetawis wekdal mboten pinanggih. Ing acara punika pun wontenaken sabda tama ingkang pun wedhar ustadz (ngapunten kula kesupen asmane), pun aturaken kuncinipun kulawarga ingkang sakinah mawaddah wa rahmah, punika wonten 5 perkawis. Ing kesempatan punika kepareng kula aturaken satunggal rumiyin inggih punika kunci ingkang pun wastani 'Islahunniyah' ingkang ateges 'ngenggalaken niyat'.
Saben-saben kulawarga sae punika kulawarga enggal punapa malih kulawarga ingkang lami kedahipun tansah mbudidaya ngenggalaken niyat mbangun bale wisma punika, bilih sedaya laku ing pagesangan punika kedahipun pun lambari kanthi niyat kangge ngabekti dumateng Alloh SWT. Mekaten ugi nikah punika ugi kedah linambaran niyat kangge ngabekti dumateng Alloh, nindakaken dhawuhipun lan ugi nguri-uri sunnah Rasulullah SAW. Menawi sedaya kulawarga tansah ngupadi ridhanipun Alloh wonten ing pagesanganipun, insya Alloh kulawarga punika badhe ayom ayem tentrem lir ing sambikala wilujeng donya malih-malih wonten akherat.
Pramila sederek kula, sumangga kita wangsulaken sedaya pagesangan kita punika dumateng niyat kangge ngupadi ridahnipun Alloh, bekti setay lan mituhu dumateng sedaya dhawuhipun. Ing pungkasanipun kita saged slamet donya akherat lan pun kempalaken wonten surganipun Alloh. Aaamiin.
Share:
Read More

5.14.2008

Bandha

Bandha donya iku kaperang dadi papat, yaiku bandha sing gampang entuk gampang entek, gampang entuk angel entek, angel entuk gampang entek lan angel entuk angel entek.
Banjur bandhe endi sing apik? Yaiku bandha sing pikoleh saka laku kang becik (halal) lan sing den tanjakake ana dalan kang becik (halal) uga, sing den syukuri, den zakati lan den sedekahi.
Mula sedulur kabeh .... ayo padha nyenyuwun marang Alloh, muga den gampangake golek bandha sing halal, barakah lan mupangati tumrap dhiri, kulawarga, nusa lan bangsa donya akherat, ora nalisir saka bebener lan tansah pinter anggone duweni rasa syukur.
Share:
Read More

5.09.2008

Pitutur Fudhail bin Iyadh

Akeh wong sing duwe mripat ning atine peteng, butheg. Akeh wong kang duweni lathi sing wasis ngendikan ning atine ora sumunar lan akeh wong kang nindakake dosa ana ing pangganane sahingga ngalang-alangi deweke nindakake sholat wengi, lan ora bisa ngrasakake penake wong sing cedhak marang Alloh.
Aku mangertini salah lan luputku marang Alloh, katitik saka tingkah polahe kulawargaku mungwing awakku, tingkah polahe tungganganku mungwing awakku, nganti tingkah polahe tikus ana ing omahku.Iblis bakal menang tinimbang manungsa menawa iblis bisa ngetokake salah sawijing pakartine manungsa kang ala, ngegul-gulake (ujub) marang awake dewe, pamer amal marang wong liya lan nglalekake dosa sing wis nate dilakoni.
Share:
Read More

5.07.2008

Sekar Pucung

Urip iku
Ibarate wong lumaku
Mandheg sawetara
Yen budhal ra bisa bali
Sangune iman, Islam, laku utama

Gesang punika ibaratipun tiyang ingkang lumampah lajeng kendel sawetawis ingkang saperlu ngunjal ambegan, nyusun kekiatan malih kangge nerusaken lampah. Rasulullah SAW ngendika ’ka raakibin istadzalla bi syajaratin tsumma raahaa wa tarakaha’ ingkang tegesipun, ’kaye dene wong lelungan sing ngeyup sangisore uwit gedhe, leren banjur ninggalake uwit iku mau’.
Alloh SWT saestu tresna dumateng titahipun, katitik wonten ing pagesangan kita sedaya pun sebar tanda-tanda ingkang nedahaken margi ikang kedah kita lampahi. Menawi pun perang mekaten, tanda-tanda punika kaperang dados kalih.
Ingkang sepindah inggih punika ’Ta’jilul Uqubah’ utawi ukuman ingkang enggal pun leksanaaken. Menawi kita anggadhahi lepat punapa kemawon, Alloh badhe ngemutaken kita sedaya kanthi samukawis ingkang mboten ngremenaken, umpaminipun kita kesupen dereng nindakaken sholat, lajeng kita kesandung utawi manah mboten sekeco, punika sampun mujudaken pepiling saking Alloh. Tiyang ingkang durjana mboten badhe ayem tentrem gesangipun menawi kiyambakipun dereng mertobat dumateng Alloh.
Lajeng tanda ingkang nomer kalih inggih punika ’laddzatu tha’ah’ utawi nikmatipun taat. Saestu menawi kita nglampahi sedaya dhawuh Alloh pramila kita badhe sekeco wonten ing pagesangan punika, ayom-ayem tentrem. Umpaminipun kita saged nglampahi sholat wonten ing awal wekdal, insya Alloh manah kita badhe kraos plong, seneng, ayem.Pramila mangga sedaya samukawis kedadosan wonten ing pagesangan punika, kita dadosaken pepiling saking Alloh, supados lampah kita mboten mingger dateng margi ingkang salah lan luput. Menawi kedadosan punika sae mangga pun syukuri ananging lamun kedadosan punika awon, mangga pun tintingi malih mbok menawi kita taksih asring nglampahi tumindak ingkang mboten leres.
Share:
Read More

5.06.2008

Islam, eling, pati

Ing antarane sakabehing nikmat donya, ana sawijining kanikmatan sing ora ana tanding yaiku nikmat Islam, mula nikmat iku wae wis cukup kanggo awakiro.
Ing antarane sakabehing panggawean ing donya, ana sawijining panggawean sing ora ana tandinge yaiku panggawean eling marang Kang Akariya Jagad (Alloh SWT), mula gawenen awakira repot ing saben wetu kanggo tansah eling marang Alloh.
Lan ing antarane sakabehing pepeling sing gumelar ana ing jagad iki, ana sawijining pepiling sing wis cukup dadi pepiling sing bener, pener lan turut yaiku pepiling sing diarani pati, mula tansah elinga marang patimu sing bakal ndadekake sira dadi wong sing tansah ngati-ati.
Share:
Read More

5.02.2008

Telung Perkara

Sederek kula ingkang pantes dados kekasihipun Alloh SWT.
Rikala Rasulullah SAW pun utus Alloh, Iblis pun sowani para wadya balanipun. Para wadya punika matur, ’Satunggalipun nabi sampun diutus Alloh, kamangka umatipun badhe dipun tuntun medal saking pepeteng’. Iblis ngomong, ’Apa umat iku mau isih tresna marang donya?’ Para wadya wangsulan, ’Inggih’. Iblis ngomong,’Yen umat iku isih tresna marang donya, aku ora kuatir sanajan deweke ora nyembah brahala, amarga umat iku bakal tak sambangi lan bakal taktinggali telung perkara :
  • supaya njupuk donya sing dudu hak-e
  • blanjaake bandha donya ana ing panggonan kang ora bener
  • nahan lan ngangel-angel metune bandha donya saka wong kang mbutuhake

ing kamangka telung perkara iku sing dadi underane dosa lan tumindak ala.
(Abu Umamah Al Bahily)

Share:
Read More

4.28.2008

Tiyang Kapusan

Alhamdulillahi rabbil ‘alamin. Sedaya syukur kita namung pantes kita aturaken wonten ngarso dalem Alloh SWT, ingkang sampun kathah paring kanikmatan, utaminipun nikmat Iman, Islam, kesarasan lan wekdal. Sholawat lan salam mugi tansah katetepaken dumateng tepa palupining agesang inggih punika Rasululloh Muhammad SAW, kulowarga, sakhabat lan tiyang ingkang tansah istiqomah ngantos akhir jaman.
Al-Faqih Abu Laits As-Samarqandi ngendiko bilih tandanipun tiyang ingkang kapusan wonten tigang perkawis :
Ngempalaken bandha donya ingkang mboten wigatos
Tansah nglampahi tumindak awon ingkang badhe ngrisak dhiri pribadi
Nilaraken amal kesaenan ingkang saged nylametaken.
Share:
Read More

4.25.2008

Yen dielek-elek

Yen ana wong liya sing kumawani nylathu (ngelek-elek) pialamu kamangka apa sing diomongke kuwi ora ana ing awakira, aja kesusu nesu banjur ngajak padu. Nanging coba ta gagasen telung perkara iki :
Siji, yen sira ora rumangsa duwe piala sing kaya ngono kuwi, mbok menawa ana piala liya sing meh padha ing awakira. Mula syukura marang Alloh sing wis kersa nutupi kabeh pialamu lan ora ana wong liya sing mangerteni.
Loro, clathune wong liya iku bisa dadi tebusan mungwing dosa-dosamu.
Telu, yen wong liya iku mau tetep wae nylathu, enggal-enggala donga marang Alloh supaya ngapura sakabehing dosa-dosane wong kang nyathu kuwi mau. Kaya dene Ibrahim bin Adham kang dongaake wong sing nyathu lan ngelek-elek. (Ibnu Qudamah)
Share:
Read More

Panggonan mandheg

Saktemene saben-saben titah iku duweni panggonan mandheg sing cacahe loro. Panggon kang nomor siji, rikala titah iku nglakoni sholat ing ngarsane Alloh SWT. Lan panggon kang nomor loro yaiku rikala titah iku sowan marang ngarsane Alloh ing dina Kiamat.
Sing sapa wonge sregep mandheg ana ing panggonan mandheg sing nomor siji, Alloh bakal maringi gampang sakabehe urusane ana ing panggonan mandheg sing nomor loro. Kosok baline sing sapa wonge angel, wegah lan ora ajeg anggone mandheg ana ing panggonan mandheg nomor siji, kamangka Alloh bakal paring angel sakabehe urusane ana ing panggonan mandheg sing nomor loro. (Ibnu Qoyyim)
Share:
Read More

4.23.2008

Tutur, uwur lan sembur

Wong tuwa loro iku pancen tresna marang para putra. Saka putra isih cilik nganti dewasa, wong tuwa tetep wae duweni rasa tresna. Sithik-sithike ana telung perkara sing wis wong tuwa paringake marang para putra, yaiku :
Tutur ing ateges paring piwulang kabecikan, ngandani, nuduhake samubarang sing apik. Uwur yaiku peparing marang putra sing awujud bandha lan sembur utawa donga pamuji marang Alloh SWT supaya para putra tansah sehat kewarasan, pinter lan migunani tumrap diri, kulawarga, agama, nusa lan bangsane.
Mula sepisan maneh para dulur, tansah bekti lan mituhu marang dawuhe wong tuwa loro.
Share:
Read More

Kakèhan gludhug kurang udan

Lha iki saya maneh, paribasan iki paring pitutur marang awake dhewe kabeh supaya ora usah kokehan rembug nanging sing penting nyambut gawene. Wadhuh aku dadi isin je. Yen ono ing pasinaon bahasa Indonesia ngono padha karo ’Tong kosong berbunyi nyaring’ utawa ’Air beriak tanda tak dalam’.Miturut ngendikanipun para winasis, ’kuwajibanira iku luwih gedhe tinimbang wektu sing Alloh wenehake marang awakira’, dadi ojo kokehan rembug enggal-enggal tumindhak nglakoni kabecikan kanggo sangu sowan ono ngarsane Kang Akariyo Jagad (Alloh SWT).
Share:
Read More

Enggon welut didoli udhet

Paribasan sing siji iki pancen pantes menawa kasampirake aneng awakku. Enngon welut didoli udhet mono ngemu karep panggonane wong pinter koq dipameri kapinteran sing ora sepiroa. Jan jumbuh banget marang aku, lha wong aku iki basa Jawa durung bisa koq wis wani nge-blog nganggo ukara Jawa, kamangka sing padha maca wong Jawa kabeh tur pinter-pinter anggone migunaake basa Jawa.Nyuwun pangapunten para sederek, anggen kula nge-blog punika namung tinimbang ngrasani liyan aluwung nge-blog, mugi wonten manpangatipun donya akherat.
Share:
Read More

4.17.2008

Sedhakep awe-awe

Paribasan Jawa iki pancen gawe rasa lan pangrasaku mak dheg!!! Bareng wis ngerti karepe (soko ki-demang.com) aku banjur metani awak, ojo-ojo mengko gek awakku iki yo pantes diwenehi paribasan iki.
Sedhakep awe-awe iku ngemu suroso wong sing wis ninggalake tumindhak ala nanging sejatine atine isih pingin nglakoni. Nah!!! Akeh wong sing jare nagkune tobat ning jebule mung tobat lombok, saiki emoh-emoh ning liya dino jebul ngalkoni maneh.
Yen cara kerene kasebut munafik. Duh... Gusti Alloh mugi anggen kulo tobat saestu-estu saged kalebet taubatannasuha (tobat tenanan) lan mugi jenengan lebetaken kula sakulawarga dumateng golonganipun tiyang ingkang kumawula dumateng Panjengan.
Share:
Read More

4.16.2008

Garwa utawa bojo

Yen ono manten anyar lanang tur wong Jawa ditakoni ’sopo kuwi wong wadon neng sandingmu?’ Deweke njawab ’ niki garwa (sigaraning nyawa = belahan jiwa) kulo!!!!’ Opat topat topat!!! Ning yen wis rodo sauntara dadi sisihan kulo (pendamping), rodo suwe maneh dadi bojo (bot-bote jodo = jodoh), sansaya suwe maneh dadi simah (isine omah = pengisi rumah) lan yen wis suwe tenan dadi konco wingking!!!!!!Sedulurku............ dadi opo istrine jenengan neng atinira? Jenengan dhewe sing bisa ngendiko. Kanggo Umine Itsar lan Iffa (istriku), kowe tetep garwaku!!! Hehehehe
Share:
Read More

Manak nangging ora biso duwe anak

Panci radi ngoyoworo irah-irahan ing nginggil punika, mbok menawi kathah tiyang sepuh ingkang saged nglairaken para putra ananging kathah ugi tiyang sepuh punika ingkang dereng saged kagungan putra.
Liripun kados pundi? Putra kula lan panjenengan sami punika saestu amanah saking Alloh SWT ingkang saged dados celengan kita mangke ing jaman kelanggengan menawi kita saged ngemban amanah punika kanthi sae, ananging badhe dados reridu kita sedaya wonten ing ngalam ndoyo malih-malih wonten ing akherat menawi kita mboten saged nggulawenthah kanthi sakmesthinipun.
Duh... Gusti Alloh. Keparenga Panjenengan paring daya kekiatan dumateng kawula kangge nggulawenthah para putra saingga dados putra ingkang sholeh sholehah, ngabekti dumateng Panjenengan, tiwang sepuh lan nusa bangsanipun.Ngapunten ya nak, abi jarang cedhak karo Mas Itsar lan Dik Iffa, sing sabar lan ojo lali.......... Iqro’, hafalan, sinau, sholat teng langgar..... siji maneh telpon abi ya.
Share:
Read More

Eling wong tuwo loro

Udokoro jam wolu bengi, ono konco sing ngabari menawa Ibune Bp. Fauzan Wahyu Praptono, SE (Manajer Cabang Bidaracina) sedo. Inna lillaahi wa innaa ilaihi raaji'uun. Mak dab…………. Jojo bang mawingo-wingo !!!!! Aku banjur kelingan, wis pirang-pirang wulan ora ketemu karo simbok-bapak sing neng ndeso malah ngabarke we yo ora. Wektu iku uga aku banjur ngebel simbok-bapak liwat talipun gegeme (basa jawane HP) adhiku.
Kring……….kring talipun ditampa adhiku, aku banjur takon endi simbok Mek? (undangane adhiku wadon kan Cemek). Simbok kerso ngendikan nganggo talipun gegeme adhiku, mak cleessssssss rasaning atiku kadya udan ing mongso ketigo, Simbok ngendiko yen sehat lan isih dodolan bubur lemu sanajan mung sithik-sithik.
Dulur kabeh, saking repot lan akeh gawean sing dilakoni, asring anak banjur lali karo wong tuwone sing wis ngukir jiwo rogone. Eling dulur, kepiyeo wae wong tuwo loro iku sing dadi jalaran awake dhewe iki dadi koyo mengkene. Mulane saiki uga enggal-enggala ngebel, talipun utawa kirim layang/SMS (yen basa jawane : Leladi Pesen Cendhak/LPC ya’e). Saiki!!!!! Ojo nganti telat!!!!
Share:
Read More

4.15.2008

Ojo Golek Wah

Wanci aku isih sekolah neng SMAN 1 Klaten pas kelas III.A1.3, yo koyo lumrahe kanoman ing wektu kuwi, aku wis wiwit seneng karo wong wadon sanajan isih isin-isin malah gak wani ngomong marang bocahe menowo aku tresno karo dheweke.
Pengin bange t aku nyedeki bocah kuwi nanging modal gak kuat, ya..... piye maneh wong tuwaku ki mung tani tur manehe mung duwe garapan sepathok. rasane pingin banget aku duwe sepeda motor (wektu kuwi sing lagi apik-apike ya Astrea Star). Tak wanek-waneke matur marang bapak sanajan sejatine ora ketekan atiku lha wong nggo mbayar sekolah wae direwangi utang-utang, aku nyuwun sepeda motor Astrea 800.
E............. opo jawabe bapak? Jawaban sing ora tak nyono-nyono, lan iki ndadekake aku sansaya ngerti werdining urip (sejating gesang). Bapak ngendiko, "Le, ojo seneng golek wah mengko akhire mung wo". Wektu iku aku durung mudeng surosone ngendikane bapak, nanging bareng karo lumakuning wektu, aku banjur mikir lan sadar menawa iku jawaban sing mlebu ono ing 'seprapat tamat'.
Nyatane saiki aku wis nyambut gawe lan alhamdulillah yen duwe sepeda motor ora angel kanggone aku. Aku banjur kelingan ngendikane bapak wektu iku. Werdine mengkene, yen arep duweni barang ojo pisan-pisan gegayuhane mung goleh wah, iki sing ndadekake wong podho ngalalake kabeh cara kanggo ngleksanakake gegayuhane. sakwisi gegayuhane klakon kanthi dalan sing ora bener, banjur konangan marang wong akeh malah dadi wooooo.
Share:
Read More

4.14.2008

Cedhak Teko Adoh Rekoso

Pas dolan neng konco lawas sing omahe Karanganyar penere daerah Ngijo Wetan, sempet koncoku iku nawani aku mlebu neng Geng Motor-e ndek-e. Jenenge Geng iku 'ASU' singkatan soko Asosiasi Skuter Unyil hehehe. Pancen lucu jenenge Geng Motor iki durung semboyane sing aneh. Yaaaa istilahe wong-wong kae jare mottone yaiku "Cedhak teko adoh rekoso' wakakaka.
Motto sing sederhana ning ngemu suroso sing ora cethek. cedhak teko adoh rekoso, koyo-koyo nglenggono mungguh kekuatane dhewe, amarga para-para anggotane podho duwene motor tuwo (skuter/vespa lawas 100 cc) mulane yen ngeneake acara dolan bareng-bareng gaka doh-adoh sing digayuh. Uga kanthi senboyan iku para anggotane sering-sering nyaba neng bengkel kanggo tansah ngecek mesin lan samubarang kalir sing magepokan karo vespa tuwo iku mau. Hayoooo sopo sing meh melu??????
Share:
Read More

3.13.2008

Jaman Kolo Bendu

Syair Ronggo Warsito

Naskah Asli dalam Bahasa Jawa
Iki sing dadi tandane zaman kolobendu

01. Lindu ping pitu sedino
02. Lemah bengkah
03. Manungsa pating galuruh, akeh kang nandang lara
04. Pagebluk rupo-rupo
05. Mung setitik sing mari akeh-akehe pada mati

Zaman kalabendu iku wiwit yen,

01. Wis ana kreto mlaku tampo jaran
02. Tanah jawa kalungan wesi
03. Prau mlaku ing nduwur awang-awang
04. Kali ilang kedunge
05. Pasar ilang kumandange
06. Wong nemoni wolak-walik ing zaman
07. Jaran doyan sambel
08. Wong wadon menganggo lanang

Zaman kalabendu iku koyo-koyo zaman kasukan, zaman kanikmatan donya,nanging zaman iku sabenere zaman ajur lan bubrahing donya.

01. Mulane akeh bapak lali anak
02. Akeh anak wani ngalawan ibu lan nantang bapak
03. Sedulur pada cidro cinidro
04. Wong wadon ilang kawirangane, wong lanang ilang kaprawirane
05. Akeh wong lanang ora duwe bojo
06. Akeh wong wadon ora setia karo bojone
07. Akeh ibu pada ngedol anake
08. Akeh wong wadon ngedol awakke
09. Akeh wong ijol bojo
10. Akeh udan salah mongso
11. Akeh prawan tuwo
12. Akeh rondo ngalairake anak
13. Akeh jabang bayi nggoleki bapake
14. Wong wadon ngalamar wong lanang
15. Wong lanang ngasorake, drajate dewe
16. Akeh bocah kowar
17. Rondo murah regane
18. Rondo ajine mung sak sen loro
19. Prawan rong sen loro
20. Dudo pincang payu sangang wong

Zamane zaman edan

01. Wong wadon nunggang jaran
02. Wong lanang lungguh plengki
03. Wong bener tenger-tenger
04. Wong salah bungah-bungah
05. Wong apik ditapik-tampik
06. Wong bejat munggah pangkat
07. Akeh ndandhang diunekake kuntul
08. Wong salah dianggap bener
09. Wong lugu kebelenggu
10. Wong mulyo dikunjara
11. Sing culika mulya, sing jujur kojur
12. Para laku dagang akeh sing keplanggrang
13. Wong main akeh sing ndadi
14. Linak lijo linggo lica, lali anak lali bojo, lali tangga lali konco
15. Duwit lan kringet mug dadi wolak-walik kertu
16. Kertu gede dibukake, ngguyu pating cekakak
17. Ning mulih main kantonge kempes
18. Krugu bojo lan anak nangis ora di rewes

Abote koyo ngopo sa bisa-bisane aja nganti wong kelut,keliring zaman kalabendu iku. Amargo zaman iku bakal sirno lan gantine joiku zaman ratu adil, zamankamulyan. Mula sing tatag, sing tabah, sing kukuh, jo kepranan ombyak ingzaman Entenana zamanne kamulyan zamaning ratu adil.
Share:
Read More