3.26.2019

Gereh Pawehan

Mak klunthing suwarane notifikasi ing aplikasi wotsaf-ku, paring pawartos yen ana kabar sing nembe mlebu neng handphoneku.

Tak bukak kuncine layar, sun dudul icon wotsaf. Jebul ana rembugan saka kanca sing durung nate ketemu.

"Pak, pangapunten. Napa jenengan remen dhahar gereh? Ngapunten saestu lho Pak." Ngono kandane.

Banjur tak jawab, "Aku ki lelaki sing paling doyan gereh, lha eneng apa?". "Ngeten Pak, kula niku niyat caos gereh teng jenengan, nyuwun alamat komplit griya napa kantor mangek gereh kula kirim."

"Lha aku kudu bayar pira? Nggak papa aku bayar wae, pancen aku ki penggemar gereh sing asine ekstreme."

"Mboten sah pak, niki sampun kula niyataken kangge jenengan".

"Yen aku mengko tuman piye? Apa arep mbok sampluk kaya nggon medsos kae?"

"Mboten lah Pak, nggih mangke mundhut mawaon menawi tuman....hehehehe."

Alhamdulillah, mugi gerehe asin tur nyehatke awak. Piye Lur, sliramu doyan gereh sing ekstreme nggak...?
Share:
Read More