8.20.2008

Duren

Ing wulan September 1995 sakwise lulus kuliah ana ing sekolah kedinasan ing Jakarta, aku nampa SK Penempatan I ana ing Palopo-Sulawesi Selatan. Rikala maca SK iku aku bingung amarga aku durung mudeng ngendi iku Palopo. Mulih saka napa SK banjur tuku peta Sulawesi Selatan, o...... jebul Palopo iku sakngisore Tator (Tanah Toraja).
Bapak-simbok lan uga tangga tepara ana ing Karangdowo-Klaten melu susah, apa maneh...... wah gak wani neruske hehehe. Nanging kancaku dolan sing adate diundang 'Lurahe' menehi aku pitutur, 'kowe kudu budal, amarga ora ana wong sing kasil yen deweke ora wani'. Cekaking crita aku sida budal menyang Palopo.
Ing Palopo aku wis ditunggu kakak kelasku sing wis penampatan disik ing tahun 1993, deweke syukur aku teka mrono amarga jarene deweke duwe pengarep-arep bakal mutasi menyang tanah Jawa, lha wong deweke iku wong Salatiga je.
Wektu ana ing Klaten aku pancen wong sing ora doyan duren, lagi mambu wae aku wis klepek-klepek je apa maneh yen mangan mumet...... ning bareng aku neng Palopo, kakak kelasku iku mau menehi ngerti 'Sam, yen neng kene gak doyan duren, rugi!!!! amarga neng kene panggonane duren!!!!' Pancen sedulur ing rikala iku duren neng Palopo murah banget tuku seket ewu wis entuk duren sekarung!!!!!
Saben Ramadhan asring kanca-kanca Jawa sing padha merantau kumpul-kumpul 'Pesta Duren', saiki aku wis doyan duren lan wis mutasi kerja neng Solo banjur dipindah maneh menyang Jakarta. Saiki yen mikir duren aku ya mumet je........ mumet regane!!!! Bareng wis doyan sing nggo tuku gak ana. hehehe ana-ana wae.
Share:

3 komentar:

Anonim mengatakan...

Enak tenan iku durene mas..


tulung aku dikirimi



salam soko blogger goblog

Acyhome mengatakan...

asli lucu brow, jawa tulen nich :)

Shanti Fahlevi mengatakan...

Ten mriki maem duren mboten saget kelakon Pak, wonten e duren atos sanget, dereng mateng, awis pindah. Insya Allah september niki wangsul, sampun rencana badhe pesta duren.. hehehehe...