8.25.2008

Timbalaning Gusti Alloh

Kapendet saking sawetawis seratan wonten ing internet, punika pitedah ingkang sae mungwing kita sedaya umat Islam kagem lumampah ing pagesangan kita. Sederek kula ingkang pantes dados kekasihipun Alloh, Gusti Alloh SWT namung kepareng nimbali titahipun wonten ing ’tigang kahanan’.
Timbalan ingkang sepindah : Adzan, sanajan adzan punika ingkang ngumandangaken muadzin nanging sejatosipun punika timbalaning Alloh dumateng tiyang Muslim supados emut lan gegancangan tumuju maring papan pasholatan. Kathah tiyang ingkang mboten nggatosaken timbalan adzan punika, repot maring sedaya urusanipun, ngulur-ulur wektu lan malah-malah mboten nindakaken sholat. Alloh SWT asring mboten maringi pidana ingkang sauwat dumateng tumindak nyepelekaken timbalan punika ananging pun ulur mangke wonten akherat. Nanging kanggenipun tiyang ingkang kagungan raos iman ingkang kandel badhe kraos mboten sekeco menawi mboten gegancangan nindakaken sholat jamaah.
Timbalan ingkang kapindho : Haji. Timbalan punika saestu mboten namung kangge tiyang ingkang kagungan bandho donya kemawon amargi haji punika saestu dados wewadinipun Alloh, kathah tiyang ingkang pun nalar mboten saged bidhal e......... pranyata saged nindakaken nanging ugi mboten sekedhig ingkang gesang adus mas picis raja brana umpanipun ananging mboten kersa minggah haji. Timbalan haji punika badhe santer tumuju maring kita menawi krenteg kita kiat, niat kita golong gilig, insya Alloh badhe pun gampilaken ing sedayanipun kaliyan Alloh. Ananging mboten badhe dumugi menawi krenteg, niat lan kekiatan ngupadi kita sedaya mboten saestu-estu. Mesthi kemawon donga pamuji ing rina lan wenginipun badhe sansaya nyelakaken gegayuhan luhur punika.
Timbalan ingkang katiga : Pati.
Share:
Read More

Kado Tanggap Warso sing Nrenyuhake

Cruing.....cruing telepon gegeme bojoku muni ing dina Setu isuk (23/08) tandane ana SMS sing mlebu. Hape dibukak banjur diwaca sms-e jebul saka adhiku wadon Klaten, 'Met Ultah ya Mbak moga tambah sabar'. Anak lanang-Mas Itsar (7 th) takon, 'Sms saking sinten Mi?' banjur melu maca apa isine sms iku mau.
Ora suwi Mas Itsar mbisiki Dik Iffa (3,5 th), wswswswsws. Banjur dik Iffa ngomong, 'apa mas?', mas Itsar mbisiki maneh banjur mesem........ Kebeneran mau isuk mas Itsar diparingi duit 2.000 rupiah saka mbah Utine, sing banjur dititipke marang Ummi.
Mulih saka sekolah duit sing mau dititipke Ummi disuwun mas Itsar, banjur mlayu bablas mbuh neng endi. Mulih saka dolan sing mung sedela banjur mlebu kamar ngajak adhine wadon, golek gunting, golek solasi (selotip) banjur lawang kamar dikunci. Ora suwe dik Iffa metu sithik sirahe terus mbisiki aku, 'Bi, rahasia!!!!'. Hehehe ana-ana wae anak-anakku iki.
Aku karo Ummi banjur mlebu kamar meh istirahat dhisik mergo mau wis mider-mider nganti kesel, dumadakan mas Itsar mlebu kamarku karo menehake bungkusan apik marang Ummi, 'Mi, iki kangge Ummi sing Ulang Tahun!!!'. Kaget temenan aku lan Ummine koq bocah semono wis mikir menehi kado ultah marang Ummi. Kagetku karo Ummine ndadekake bocah loro padha sueneng mesam-mesem.
Kado dibukak eeeeee isine hand & bady lotion merk Citra sing cuilik, ana kertas suwekan ukuran 2 x 10 cm sing ditulis tangan, 'Selamat ulang tahun jangan sering marah-marah ya Mi.' Subhanallah............ Duh Gusti matur sembah nuwun sampun kepareng maringi kawula para putra ingkang lucu-lucu.
Sawise ditlusuri duit 2.000 rupiah mau kanggo tuku Hand & Bady Lotion, jarene duite pas lha sing tuku neng tangga. Ning Ummi wis tak pesen coba ditakonke neng warung menawa duite kurang.
Share:
Read More

8.20.2008

Duren

Ing wulan September 1995 sakwise lulus kuliah ana ing sekolah kedinasan ing Jakarta, aku nampa SK Penempatan I ana ing Palopo-Sulawesi Selatan. Rikala maca SK iku aku bingung amarga aku durung mudeng ngendi iku Palopo. Mulih saka napa SK banjur tuku peta Sulawesi Selatan, o...... jebul Palopo iku sakngisore Tator (Tanah Toraja).
Bapak-simbok lan uga tangga tepara ana ing Karangdowo-Klaten melu susah, apa maneh...... wah gak wani neruske hehehe. Nanging kancaku dolan sing adate diundang 'Lurahe' menehi aku pitutur, 'kowe kudu budal, amarga ora ana wong sing kasil yen deweke ora wani'. Cekaking crita aku sida budal menyang Palopo.
Ing Palopo aku wis ditunggu kakak kelasku sing wis penampatan disik ing tahun 1993, deweke syukur aku teka mrono amarga jarene deweke duwe pengarep-arep bakal mutasi menyang tanah Jawa, lha wong deweke iku wong Salatiga je.
Wektu ana ing Klaten aku pancen wong sing ora doyan duren, lagi mambu wae aku wis klepek-klepek je apa maneh yen mangan mumet...... ning bareng aku neng Palopo, kakak kelasku iku mau menehi ngerti 'Sam, yen neng kene gak doyan duren, rugi!!!! amarga neng kene panggonane duren!!!!' Pancen sedulur ing rikala iku duren neng Palopo murah banget tuku seket ewu wis entuk duren sekarung!!!!!
Saben Ramadhan asring kanca-kanca Jawa sing padha merantau kumpul-kumpul 'Pesta Duren', saiki aku wis doyan duren lan wis mutasi kerja neng Solo banjur dipindah maneh menyang Jakarta. Saiki yen mikir duren aku ya mumet je........ mumet regane!!!! Bareng wis doyan sing nggo tuku gak ana. hehehe ana-ana wae.
Share:
Read More

Obah Owah

Ora bisa diselaki saben-saben apa wae sing ono neng ngalam ndonya iki mesthi obah mesthi owah. Tetanduran sing maune mung wiji banjur tukhul ngremboka sansaya suwe sansaya gedhe ing tundone banjur mati. Kewan sing maune lagi lair dadi gedhe-kawin-manak banjur mati utawa dipateni kanggo keperluane manungsa.
Nanging sedulur coba wespadakna, wit gedhang kae yen isih cilik banjur dipancas nganggo arit bakal tukhul maneh. Debog bakal mati menawa uwis menehi gedhang utawa ngasilake uwah sing legi lan mupangati marang manungsa. Debog utawa wit gedhang bisa kanggo jejeran wayang kulit, kanggo lambaran kembang ing bokor kanggo matenan, disuwir-suwir cilik bisa kanggo tali tempe dele tradisional, dirajang alus bisa kanggo pakan sapi. Gedhang utawa wohe....... wah ora usah dirembug kanggo criping, didhahar langsung, digodhog, dimasak kolak, nagosari, apolo sidang, es pisang ijo lan liya-liyane. Godhonge.. kanggo mbuntel-mbuntel umpamane arem-arem, nagasari, bothok rasane dadi luwih enak lan gurih.
Saiki coba awakke dhewe, wis aweh manpangat apa marang sepadha-padha, utawa malah gawe kapitunan mungwing sesami? Awaki iki tetap bakal obah-owah, ning obah lan owahe awaki iki tumuju marang kabecikan utawa tumuju marang ala.
Share:
Read More

8.14.2008

Tresno Saka Kadohan

Wis meh rong taun aku pisah saka kulawargaku, wiwit aku entuk SK kantor dipindah saka Solo tumuju kutho gedhe Jakarta ing wulan Oktober 2006. Wektu arep budhal rasane aboooooot banget amarga kudu adoh saka anak-bojo sing tak tresnani. Nanging bojoku menehi aku kekuatan supaya tetep budhal nyang Jakarta amarga yen aku ora budhal arep nyambut gawe apa wong durung duwe 'pethingan' sing cukup kanggo golek kaya.
Dina sing tak liwati pancen abot, krasa suwe lan gawe ati nelangsa. Nanging bareng kabeh wis kulina banjur nemu hikmah sing pancen wis ditetepake Alloh marang titahe. Rasa tresna marang bojo, rasa tresna marang anak sansaya tambah, nilpun saben dina, yen krungu suarane bojo, anak rasanya mak nyus....... kaya Bondan.
Saben dina Jumuah aku mulih Karanganyar-Solo numpak kreta 'Senja Utama', dina Setu tekan prapatan Papahan-Karanganyar banjur ditunggu bojo lan anak wedokku sing prei sekolahe..... wah wah wah pancen nikmat yen mengkono kuwi, sanajan mengko Minggu sore kudu budal maneh menyang Jakarta.

Share:
Read More

8.05.2008

Sithik Edhang Waton Rata

Kelingan jaman cilikanku, wektu iku aku isih tunggal omah karo Pak Tuwo (simbah) sing gaweane saben dina deres klapa kanggo gawe gula jawa. Neng mah siji iku urip bareng-bareng Pak-Mbok Tuwo (simbah), Bapak-Simbok karo anak-anake (aku + adhiku 2), bulikku sing durung rabi.
Jaman susah... mangan wae dijatah. Menawa liwet wis mateng, enggal wae dikedhuk banjur ditaningi neng piring, sithik-sithik sing penting rata. Tanduk? wah..... ora ana!!!! Liwet mung pas kanggo mangan ganjel weteng thok ora wareg mung wis ngrasakke sega.
Jangan saben dinane mung jangan bening, ampase sithik duduhe akeh. Lawuh tempe-tahu iku wis luwih saka cukup. Kala-kala ndadar endhog loro, endhoge dibumboni uyah lan bawah sing rada akeh jare gen nglawuhi. Yen endhog wis nyemplung neng wajan, wajan banjur diangkat lan digoyang supaya endhog dadare dadi gedhe jembar. Yen wis mateng banjur diiris didum.
Bareng saiki....... anak-anakku wae yen maem angel, sega akeh, lawuh kari matur insya Alloh ditumbaske. Senenge maem mie, jajanan.
Share:
Read More

8.04.2008

Duwe Mobil ning Ora Mobile

Jamane aku isih sekolah neng SMAN 1 Klaten, aku wis wani nyoba nyetir mobil kagungane bapak colt-T tua. Biasane bapak parkir mobil neng kulon omah lan kunci digletheke neng meja. Kunci iku takjumuk banjur aku nyoba nyetir mobil.
Ndelalah bapak mirsani polahku rikala semana, sawise aku mulih aku diundang bapak, 'Le...., bapak ora seneng yen kowe nyetir mobil, bapak wedi kowe mengko malah ketungkul anggone dolanan mobil terus lali sinau, wis ora usah dolanan mobil dhisik suk yen wis cekel gawe, kowe bakal iso dewe.'
Sakwise kedadeyan kuwi aku banjur ora wani maneh dolanan mobil. Durun suwe iki aku pinaringan rejeki saka Alloh banjur iso tuku mobil Kijang Super 1993, aku, bojo, lan anak-anak seneng kabeh ning aku durung teteh anggonku nyopir, apa maneh mobil sing eneng 'irunge'. Menawa lunga-lunga luwih seneng numpak uduk tinimbang numpak mobil, lha wong isih cenunak-cenunuk je.
Yen tak pikir-pikir....... 'Duwe Mobil koq ora Mobile'...... hehehehe
Share:
Read More