8.04.2008

Duwe Mobil ning Ora Mobile

Jamane aku isih sekolah neng SMAN 1 Klaten, aku wis wani nyoba nyetir mobil kagungane bapak colt-T tua. Biasane bapak parkir mobil neng kulon omah lan kunci digletheke neng meja. Kunci iku takjumuk banjur aku nyoba nyetir mobil.
Ndelalah bapak mirsani polahku rikala semana, sawise aku mulih aku diundang bapak, 'Le...., bapak ora seneng yen kowe nyetir mobil, bapak wedi kowe mengko malah ketungkul anggone dolanan mobil terus lali sinau, wis ora usah dolanan mobil dhisik suk yen wis cekel gawe, kowe bakal iso dewe.'
Sakwise kedadeyan kuwi aku banjur ora wani maneh dolanan mobil. Durun suwe iki aku pinaringan rejeki saka Alloh banjur iso tuku mobil Kijang Super 1993, aku, bojo, lan anak-anak seneng kabeh ning aku durung teteh anggonku nyopir, apa maneh mobil sing eneng 'irunge'. Menawa lunga-lunga luwih seneng numpak uduk tinimbang numpak mobil, lha wong isih cenunak-cenunuk je.
Yen tak pikir-pikir....... 'Duwe Mobil koq ora Mobile'...... hehehehe
Share:

3 komentar:

Anonim mengatakan...

wah... kijange wis dislameti rung om?

Unknown mengatakan...

sampun pak lik, lha wong pun andum ayam bakar teng tangga-tangga je hehehe

Anonim mengatakan...

wah sukuran wes, sing penting isao mlaku - malku karo keluarga yen wayah prei-nan, lan ora perlu bocengan moyong - moyong :-)

Selamat yo mas..