
Dina Setu aku wus teka ana ing Papahan lan dijemput Ummi sing nggoncengke Iffa (anak wadonku). Sepeda motor takstater banjur gas takuntir motor BEAT mlaku. Ono ing ndalan Iffa wis wiwit guneman. 'Tenan lho bi, aku ditukokke garisan, karo rukuh, karo........... lepis (clana jean)'. Bocah iki!!!!! 'Nduk ya duwite Abi gak cukup yen nggo tuku kabeh lah, wis dipilih wae.... garisan, rukuh utawa lepis?, kudu mung salah siji lho!!!!. 'Yo wis naknu garisan sik wae'. Alhamdulillah pilihan sing pinter.
Isuk iku uga aku banjur ngeterke anak wadon menyang pasar, tuku garisan sing dikarepake, regone ora larang ning wis gawe atine ayem. 1.000 rupiah!!!!
2 komentar:
wooo alahhh kang...apik temen critamu, bener-bener tuladan kanggo aku suk yen anakku rewel njejaluk kon nuruti pinginane...cuman suk meneh duite ojo nggo numpak eksekutif, dadi isih ono siso kanggo tuku pabrik penggaris...hehhehehe...soko koncomu gajulan nang kreto;-)
wah aku seneng banget critane. sedherhana nanging uapik tenan. makna sangat dalam. maturnuwun saget numpang komentar. ndherek nepangaken..
Posting Komentar