7.24.2008

Nyuwun Sunat (Tetak)

'Bi, yen sunat ki sakit mboten ta Bi?' Sore-sore pas preian sekolah wingi anakku lanang takon karo aku mengkono kuwi. Banjur tak jawab, 'mboten mas, mung kaya dicokot semut koq'. 'Wah yen ngoten mbok kula ndang disunatke mawon'. Kaget aku krungu penyuwunane anakku lanang, lha wong nembe kelas 2 SDIT Insan Kamil Karanganyar we koq wis nyuwun sunat.
Aku banjur rembugan karo Ummine, nanging Ummi isih mesakke 'lha isih ilik ngono we koq Bi', jarene bojoku. Yen tak pikir-pikir ya pancen mesakke, apa maneh yen rembugan karo mbah Kakung Klaten (Bapakku) mesthi saya ora pareng, paling-paling dijawab, 'Le...Le, lha wong bapakmu (aku=sing nulis) we tetake pas kelas 3 SMP ngono lho, kowe lagi kelas 2 SD we koq wis ribut!!! Ora, suk mben wae mengko malah kecenthet'.
Bareng wingi wis wiwit melbu sekolah, anakku lanang tambah 'ngedrel' maneh nyuwun sunat amarga kanca kenthele sing jenenge Hisyam jebule ya wis sunat pas preen neng ngono mbahe Purwokerto. Hayoh piye iki!!!!!
Share:

7 komentar:

Anonim mengatakan...

wah2, bodah kuwi pancen sik so iri karo kanca - kancane, yen siji njaluk sunat lha liyane do podho njaluk sunat sisan, nanging ananku kok malah, wis ra usah saiki, mengko wae nek aku wis gede gampang, nadyan deweke wis klas 4 tapi yo wis sakkarepe wae, aku dewe yo sunate telat kok, wis kelas 2 SMP lagi sunat lha yo wis rodo kothot he he he

`.¨☆¨geLLy¨☆¨.´ mengatakan...

iyah ya kak sekarang arek2 kecil dach pengin sunan kls 5 sd itu klo blm sunan dach di isin2 ama prEndnya''' dulu pas ku sltp kls 1 ada yg blm sunat ama prendnya di tarik2 celannya.....teyusz disisin...kasihan bNgtt

Anonim mengatakan...

kalau sunat ala Sunda (daerah pelabuhan ratu) ada sunat special yang tidak memotong habis kulup=nya tetapi disobek dan dijahit. Kenapa ????..., istrinya yang akan menikmati sunat special itu wakakakakaka

Anonim mengatakan...

ya udah disunatin aja mas, mumpung anaknya mau jg...ada loh cerita sodaraku yg takut sunat, akhirnya kelas 3 smp baru sunat, kan kesian anaknya jg ;) btw, sunat tuh bahasa jawanya tetak ya?

Unknown mengatakan...

Ummine dereng tega, jare keciliken. Insya Alloh mangke preen minggah kelas 3. Nyuwun donga pamujinipun. Suwun

Shanti Fahlevi mengatakan...

Mboten napa-napa menawi sunat sakniki, ten mriki bayi lahir langsung disunat. Alhamdulillah putranipun sampun wani (ga tau kromonya berani apa ya??)

Cah Ndeso mengatakan...

hahaha......isih menang aku ...aku kelas 1 smp...wwwkwkwkwk