7.21.2008

Hape

Durung suwe Ummine bocah-bocah (garwaku = bojoku) kewetu tembunge ‘Mas, mbok kula ditumbasne hape sing wonten kamerane ta mas. Lha wong adhine jenengan we ditumbasne hape ngangge kamera ngoten lho!!!’
Aku banjur nglenggana pancen saktrepe dadi bojoku, Ummine ki durung nate nembung barang sing aneh-aneh apa maneh sing regane luwih saka seket ewu. Lha wong yen dijak neng Mall we seneng nonton klambi, jubah, kudung lan apa wae banjur ditiliki regane sing temempleg neng dluwang merk-e ning yen regane kliwat seket ewu, biasane banjur mencep hehehehe………
Ning saiki nganti kewetu tembunge sing kaya ngono kuwi, iki mertandani yen awakku iki durung bisa ‘adil’ marang bojo. Menawa tak gagas ya pancen kebangeten aku iki, lha wong adine wadhon we ditukokne hape nganggo kamera koq malah bojone isih nganggo hape Nokia elek type N2115. Ngapunten ya Mi, yen aku durung bisa adil marang awakmu. Duh Gusti Alloh keparenga paring pangapunten dumateng kawula ingkang dereng saged nuhoni lan ngenggeni jejere tiyang kakung.Kedadehan iki uga bisa dadi pepiling marang aku, ‘lha wong siji wae durung bisa adil ngono lho, apa maneh yen……………………………..’ hehehehe gak wani nutukke. Alahamdulillah saiki wis taktukokne hape anyar Motorola W362, ana kamerane, radio FM, MP3 player pokok cukup lah lan saiki Ummi tambah sayang ta karo Abi?
Share:

2 komentar:

Reni Dwi Astuti mengatakan...

Garwo panjenengan memang luar biasa. Jarang2 lho wonten garwo kados makaten...ingkang kathah malah nopo kemawon dipun suwun, nek mboten dituruti banjur mrengut. Salut kagem umminipun lare2... Nanging, sampun kesupen...nggih sepindah-pindah dipun manja ngoten lho, mangke lak tambah suuayang dumateng panjenengan...

Anonim mengatakan...

jazakallah pitedahipun, mugi dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah wa rahmah, mekaten ugi kulawarganipun mbak reni.