7.08.2008

Tamu Agung

Para sederek, menawi kita sampun mireng bilih badhe wonten tamu ingkang badhe rawuh ing dalem kita, mesthinipun kita badhe tata-tata supados tamu punika saged betah lan remen pinarak ing dalem kita. Punapa malih menawi tamu punika tamu agung, tamu ingkang kita remeni, kita bekteni mesthi kemawon kita badhe langkung malih anggenipun laladi dumateng tamu punika.
Umpaminipun bapak Lurah, Bapak camat, Bapak Bupati ingkang badhe rawuh wonten dalem kita, mesthi kita badhe resik-resik omah, ngecet, nata-nata ruang tamu lan sanes-sanesipun supados katon rapi, edi peni.
Sekedhap malih kita sedaya, Muslimin badhe nyambut rawuhipun tamu agung ingkang pun wastani Wulan Ramadhan, pramila kita kedah tata-tata supados saged ngginaaken wekdal ing wulan Ramadhan punika kanthi sae lan pikantuk ridhanipun Alloh SWT. Lajeng punapa ta ingkang kedah kita sumadyaaken? Wonten 3 perkawis ingkang baken ingkang kedah kita sumadyaaken inggih punika :
1. Lahir kita. Ingkang ateges badan punika kedah saras, kangge ngadepi dhawuh ageng inggih punika siam ing wulan Ramadhan. Jagi kesarasan mesthi kemawon kedah pun estoaken. Melekan kedah pun kirangi, olahraga pun tingkataken, dhahar ingkang gizi, mboten dhahar ingkang pedes, kecut lan samukawis dhaharan ingkang saged ngganggu kesarasan kita sedaya kedah pun tebihi.
2. Bathin kita. Mangga sareng-sareng ningkataken ibadah kita sedaya ing wekdal-wekdal punika, sholat sunnah, siam sunnah, tilawah Qur'an, sedekah lan sakpanunggalanipun kangge ngulinaaken ibadah ing wulan Ramadhan.
3. Maal kita. Wonten ing wulan Ramadhan sampun limrah menawi medalipun arta kita langkung kathah amargi dhaharan ing wulan punika langkung 'berkualitas' mesthi kemawon reginipun ugi awis. Pramila wiwit sapunika kedah sampun pun sisihaken kangge ngadepi wulan Ramadhan. Seratan punika mboten ngajak dumateng panjenengan sedaya supados boros ing wulan Ramadhan, namung njagi supados kita saged kiat nglampahi siam ngantos akhir.
Mugi Alloh SWT kepareng manggihaken kita sedaya dumateng wulan Ramadhan. Aamiin. Mekaten, matur nuwun lan nyuwun pangapunten sedaya kalepatan. nuwun.
Share:

2 komentar:

Anonim mengatakan...

Leres sanget ingkang panjenengan serat punika Mas, mbok bilih wonten kalepatan kawula nyuwun pangapunten. He he...nyicil rumiyin

Anonim mengatakan...

Matur nuwun mbak, kulo ugi mekaten mbak lare enem kathah lepatipun, keladuk wani kurang duga, ugi nyuwun pangapunten. suwun.