.jpg)
Lagi wae anakku wadhon mlebu anggone sekolah, durung suwe udakara nembe entuk 3 dino, lha wong seminggu mung mlebu kaping telu je, ning mbayare ya tetep wae akeh.
Ing dino sing sepisan anakku wis gawe keget Ummi-ne (Ibune), bocahe matur 'Ummi mantuk wae, aku gak usah ditunggoni!!!' We lah bocah kendel tenan iki. Alhamdulillah aku duwe anak sing kendel.
Para sederek, sing diarani wektu kuwi terus.... wae mlaku, ora nggape awake dhewe melu mlaku utawa mandheg, ora urus uwong-uwong padha leren utawa terus. Sapa sing leren, lan sapa sing mandheg bakale rugi ing donya apa maneh neng akherat. Mula dulur ayo padha mlaku maneh, ndandani diri pribadi kanthi tumindak sing sae, kanthi amal sholeh tansah ngupadi ilmu sing mupangati urip kanggo sangu sowan marang Alloh.
Temen bejo wong sing padha iman marang Alloh, nindakake amal sholeh, sing padha ling-wineling marang kebecikan lan kasabaran.
3 komentar:
Wah, aku akeh sinau teko postinganne Njenengan, salam teko Rembang
tukeran link nggih, langsung wae tak link iki,
Nderek langkung wae niki
matur nuwun sedayanipun, Alloh ingkang paring piwales kesaenan. Nuwun
Posting Komentar