Semprotan Omo Tanduran

Bengi iki aku koq pengin banget nelpon bapak Klaten... e.... menawa ana apa-apa. Telpon diangkat banjur keprungu suwarane bapak, 'Assalamualaikum, piye le kabarmu. Aku koq krasa ora penak genahe neng omahmu ana kedadeyan apa?' Pancen bapak elok tenan wis ngerti sakdurunge pinarak. 'Itsar (anak lanang) lagi anget pak, Iffa (anak no.2) isih cemburu nang adhine, Dik Iyaz isih gayeng merga lara neng gegere.'

'Aku tak ngomong ya le, sakdurunge nyuwun sewu. Yen awakmu ana duit mbok aku ditukokne kitop*, mosok saben arep nyemprot kacang ijo kudu njileh nang tangga..... ora penak aku le'. Mak dhap rasane atiku, lha koq bapak ngomong nyang anake ndadak 'nyuwun sewu'..... sing kebangeten ki rak ya anake ta.

'Insya Alloh pak, suk yen bali tak aturke duite bene bapak gak usah njileh-njileh nyang tangga.'

*) Kitop = sprayer : piranti kanggo nyemprot omo tanduran.

Antarane garisan, rukuh lan clana lepis

Durung suwe anggonke mlebu kamar kost mulih saka musholla sholat Subuh, hape tua N.2115-ku wus muni tanda ana telepon sing mlebu. Tak sawang jeneng sing ketulis ono LCD wis apal 'Ummi Sayang', bojoku sing dhenok deblong nembe kangen. 'Assalamu'alaikum...... Bi, aku tukokne garisan ya sing padha nggone mas Itsar ono gambare kupu', suarane anak wadonku karo nangis. 'Insya Alloh, nduk..... suk yen Abi mulih'.
Dina Setu aku wus teka ana ing Papahan lan dijemput Ummi sing nggoncengke Iffa (anak wadonku). Sepeda motor takstater banjur gas takuntir motor BEAT mlaku. Ono ing ndalan Iffa wis wiwit guneman. 'Tenan lho bi, aku ditukokke garisan, karo rukuh, karo........... lepis (clana jean)'. Bocah iki!!!!! 'Nduk ya duwite Abi gak cukup yen nggo tuku kabeh lah, wis dipilih wae.... garisan, rukuh utawa lepis?, kudu mung salah siji lho!!!!. 'Yo wis naknu garisan sik wae'. Alhamdulillah pilihan sing pinter.
Isuk iku uga aku banjur ngeterke anak wadon menyang pasar, tuku garisan sing dikarepake, regone ora larang ning wis gawe atine ayem. 1.000 rupiah!!!!

Raos Syukur

Saben sholat jamaah wonten ing masjid Asy-Syifa, utaminipun saben sholat Dhuhur, Ashar Maghrib kula asring pinanggih pawongan ingkang damel manah kula sansaya rumaos kirang anggen kula syukur dumateng Alloh.

Pawongan punika ingkang sregep anggenipun sholat jamaah, lan anehipun pawongan punika 'nyuwun pangapunten' mboten kagungan suku kekalihipun lan namung anggadhahi satunggal asta ingkang kering kemawon. Saben lumampah namung ngangge asta ingkang kering punika kemawon.

Saben bibar sholat kiyambakipun medal saking masjid lajeng lelenggahan ing jawi masjid. Para jamaah ingkang sampun rampung anggenipun sholat sami medal, lan asring maringi arta marang pawongan niku wae, nggih wonten ingkang 1.000 wonten ingkang 2.000 lan mboten sekedhik ingkang maringi 5.000.

Kula boten nganggep pawongan punika 'pengemis' amargi praupanipun mboten kados pengemis, badanipun resik, potonganipun klimis lan ingkang damel kula tambah gumun..... sholatipun ingkang sregep.

Monggo sederek kita galih sesarengan, kita ingkang gadhah suku komplit, asta komplit napa sampun saged nglampahi sholat jamaah kanthi sae? Kados pundi mangke tanggel jawab kita sedaya ewonten ngarsanipun Alloh? Raos syukur kita punapa sampun cekap?

NB : Gambar punika sanes potretipun pawongan kasebat.

Kangene Bapak

Wingi isuk, mulih saka masjid bubar sholat Subuh ing HP tuaku (Nokia 2116) ana miscall kaping pindho. Takbukak jebul ana miscall saka 'Bapak Kakung' sing ateges saka Bapak kandungku sing neng Klaten. Janur gunung kadingaren Bapak nelpon aku, saumur-umur Bapak durung nate nelpon aku, adate Bapak mung pesen marang Adhiku wadon babagan apa sing dikarepake. E..... esuk iki koq nelpon aku, mesti ana perkara sing wigati tenan.
Aku banjur nelpon genti neng HP-ne Bapak, ben cetha ana pawartos apa?, sawise salam aku banjur takon, 'ana apa Pak koq kadingaren ngebel aku?'. 'Bapak kangen wae koq Le karo kowe, sawise kowe mrene karo bocah-bocah ing preen Tahun Baru 2009 wingi, rasane omah sepi..... kange aku Le karo suwaramu.' Duor!!! Kaya disamber bledheg rasane atiku, pancen kebangeten aku iki, ora nate caos kabar marang wong tuwa.