5.29.2008

Kunci Sakinah Mawadah wa Rahmah (3)

Salajengipun, kunci ingkang nomer tiga inggih punika 'MUSYAWARAH' utawi rembagan. Bilih semah punika kedah pun suwuni pamanggih kados pundi saenipun kulawarga punika saged lumampah wonten margi ingkang pun ridhai Alloh SWT. Sedaya samukawis ingkang pun lampahi kanthi linambaran musyawarah, insya Alloh badhe langkung sae tinimbang ingkang pun putusaken piyambakan. Mesthi kemawon, sirah kalih langkung sae tinimbang sirah satunggal.
Pramila sederek mangga kita tansah rembagan rumiyin menawi badhe nindakaken samukawis ingkang wigati, langkung sae malih menawi sedaya tindak punika saged pun musyawarahaken rumiyin kaliyan sisihan kita.
Share:
Read More

5.23.2008

Kunci Sakinah Mawadah wa Rahmah (2)

Menawi niyat sampun golong gilig namung tumuju dumateng Alloh, mesthi kemawon sedaya obah owahipun kulawarga saged pun biji Alloh dados ibadah. Ngajari para putra sinau, laladi kakungipun, masak, macak, manak, lan sedaya kemawon saged dados ngibadah. Pramila kedahipun sedaya kulawarga saged ngenggalaken niyat malih supados pagesangan kulawarga hanggadhahi biji ibadah ingkang ageng.
Salajengipun kunci kulawarga samara ingkang ongko kalih inggih punika TSIQAH ingkang ateges pitados. Kedahipun penganten kekalih gadhah raos pitados dumateng sisihanipun. Amargi namung kanthi raos punika kulawarga saged ayom, ayem, tentrem. Lan ingkang baku malih, sisihan punika kedah saged njagi kapitadosan saking sisihanipun ampun ngantis slinthutan.
tuladhanipun menawi ingkang kakung badhe caos punapa kemawon dumatheng tiyang sepahipun, ingkang nyaosaken ingkang putri, makaten ugi kosok wangsulipun.
Share:
Read More

5.19.2008

Kunci Sakinah Mawadah wa Rahmah (1)

Kala dinten ahad wingi (18/05) kula dugeni walimatul ursy (nikahan) rencang ingkang sampun sawetawis wekdal mboten pinanggih. Ing acara punika pun wontenaken sabda tama ingkang pun wedhar ustadz (ngapunten kula kesupen asmane), pun aturaken kuncinipun kulawarga ingkang sakinah mawaddah wa rahmah, punika wonten 5 perkawis. Ing kesempatan punika kepareng kula aturaken satunggal rumiyin inggih punika kunci ingkang pun wastani 'Islahunniyah' ingkang ateges 'ngenggalaken niyat'.
Saben-saben kulawarga sae punika kulawarga enggal punapa malih kulawarga ingkang lami kedahipun tansah mbudidaya ngenggalaken niyat mbangun bale wisma punika, bilih sedaya laku ing pagesangan punika kedahipun pun lambari kanthi niyat kangge ngabekti dumateng Alloh SWT. Mekaten ugi nikah punika ugi kedah linambaran niyat kangge ngabekti dumateng Alloh, nindakaken dhawuhipun lan ugi nguri-uri sunnah Rasulullah SAW. Menawi sedaya kulawarga tansah ngupadi ridhanipun Alloh wonten ing pagesanganipun, insya Alloh kulawarga punika badhe ayom ayem tentrem lir ing sambikala wilujeng donya malih-malih wonten akherat.
Pramila sederek kula, sumangga kita wangsulaken sedaya pagesangan kita punika dumateng niyat kangge ngupadi ridahnipun Alloh, bekti setay lan mituhu dumateng sedaya dhawuhipun. Ing pungkasanipun kita saged slamet donya akherat lan pun kempalaken wonten surganipun Alloh. Aaamiin.
Share:
Read More

5.14.2008

Bandha

Bandha donya iku kaperang dadi papat, yaiku bandha sing gampang entuk gampang entek, gampang entuk angel entek, angel entuk gampang entek lan angel entuk angel entek.
Banjur bandhe endi sing apik? Yaiku bandha sing pikoleh saka laku kang becik (halal) lan sing den tanjakake ana dalan kang becik (halal) uga, sing den syukuri, den zakati lan den sedekahi.
Mula sedulur kabeh .... ayo padha nyenyuwun marang Alloh, muga den gampangake golek bandha sing halal, barakah lan mupangati tumrap dhiri, kulawarga, nusa lan bangsa donya akherat, ora nalisir saka bebener lan tansah pinter anggone duweni rasa syukur.
Share:
Read More

5.09.2008

Pitutur Fudhail bin Iyadh

Akeh wong sing duwe mripat ning atine peteng, butheg. Akeh wong kang duweni lathi sing wasis ngendikan ning atine ora sumunar lan akeh wong kang nindakake dosa ana ing pangganane sahingga ngalang-alangi deweke nindakake sholat wengi, lan ora bisa ngrasakake penake wong sing cedhak marang Alloh.
Aku mangertini salah lan luputku marang Alloh, katitik saka tingkah polahe kulawargaku mungwing awakku, tingkah polahe tungganganku mungwing awakku, nganti tingkah polahe tikus ana ing omahku.Iblis bakal menang tinimbang manungsa menawa iblis bisa ngetokake salah sawijing pakartine manungsa kang ala, ngegul-gulake (ujub) marang awake dewe, pamer amal marang wong liya lan nglalekake dosa sing wis nate dilakoni.
Share:
Read More

5.07.2008

Sekar Pucung

Urip iku
Ibarate wong lumaku
Mandheg sawetara
Yen budhal ra bisa bali
Sangune iman, Islam, laku utama

Gesang punika ibaratipun tiyang ingkang lumampah lajeng kendel sawetawis ingkang saperlu ngunjal ambegan, nyusun kekiatan malih kangge nerusaken lampah. Rasulullah SAW ngendika ’ka raakibin istadzalla bi syajaratin tsumma raahaa wa tarakaha’ ingkang tegesipun, ’kaye dene wong lelungan sing ngeyup sangisore uwit gedhe, leren banjur ninggalake uwit iku mau’.
Alloh SWT saestu tresna dumateng titahipun, katitik wonten ing pagesangan kita sedaya pun sebar tanda-tanda ingkang nedahaken margi ikang kedah kita lampahi. Menawi pun perang mekaten, tanda-tanda punika kaperang dados kalih.
Ingkang sepindah inggih punika ’Ta’jilul Uqubah’ utawi ukuman ingkang enggal pun leksanaaken. Menawi kita anggadhahi lepat punapa kemawon, Alloh badhe ngemutaken kita sedaya kanthi samukawis ingkang mboten ngremenaken, umpaminipun kita kesupen dereng nindakaken sholat, lajeng kita kesandung utawi manah mboten sekeco, punika sampun mujudaken pepiling saking Alloh. Tiyang ingkang durjana mboten badhe ayem tentrem gesangipun menawi kiyambakipun dereng mertobat dumateng Alloh.
Lajeng tanda ingkang nomer kalih inggih punika ’laddzatu tha’ah’ utawi nikmatipun taat. Saestu menawi kita nglampahi sedaya dhawuh Alloh pramila kita badhe sekeco wonten ing pagesangan punika, ayom-ayem tentrem. Umpaminipun kita saged nglampahi sholat wonten ing awal wekdal, insya Alloh manah kita badhe kraos plong, seneng, ayem.Pramila mangga sedaya samukawis kedadosan wonten ing pagesangan punika, kita dadosaken pepiling saking Alloh, supados lampah kita mboten mingger dateng margi ingkang salah lan luput. Menawi kedadosan punika sae mangga pun syukuri ananging lamun kedadosan punika awon, mangga pun tintingi malih mbok menawi kita taksih asring nglampahi tumindak ingkang mboten leres.
Share:
Read More

5.06.2008

Islam, eling, pati

Ing antarane sakabehing nikmat donya, ana sawijining kanikmatan sing ora ana tanding yaiku nikmat Islam, mula nikmat iku wae wis cukup kanggo awakiro.
Ing antarane sakabehing panggawean ing donya, ana sawijining panggawean sing ora ana tandinge yaiku panggawean eling marang Kang Akariya Jagad (Alloh SWT), mula gawenen awakira repot ing saben wetu kanggo tansah eling marang Alloh.
Lan ing antarane sakabehing pepeling sing gumelar ana ing jagad iki, ana sawijining pepiling sing wis cukup dadi pepiling sing bener, pener lan turut yaiku pepiling sing diarani pati, mula tansah elinga marang patimu sing bakal ndadekake sira dadi wong sing tansah ngati-ati.
Share:
Read More

5.02.2008

Telung Perkara

Sederek kula ingkang pantes dados kekasihipun Alloh SWT.
Rikala Rasulullah SAW pun utus Alloh, Iblis pun sowani para wadya balanipun. Para wadya punika matur, ’Satunggalipun nabi sampun diutus Alloh, kamangka umatipun badhe dipun tuntun medal saking pepeteng’. Iblis ngomong, ’Apa umat iku mau isih tresna marang donya?’ Para wadya wangsulan, ’Inggih’. Iblis ngomong,’Yen umat iku isih tresna marang donya, aku ora kuatir sanajan deweke ora nyembah brahala, amarga umat iku bakal tak sambangi lan bakal taktinggali telung perkara :
  • supaya njupuk donya sing dudu hak-e
  • blanjaake bandha donya ana ing panggonan kang ora bener
  • nahan lan ngangel-angel metune bandha donya saka wong kang mbutuhake

ing kamangka telung perkara iku sing dadi underane dosa lan tumindak ala.
(Abu Umamah Al Bahily)

Share:
Read More