8.14.2008

Tresno Saka Kadohan

Wis meh rong taun aku pisah saka kulawargaku, wiwit aku entuk SK kantor dipindah saka Solo tumuju kutho gedhe Jakarta ing wulan Oktober 2006. Wektu arep budhal rasane aboooooot banget amarga kudu adoh saka anak-bojo sing tak tresnani. Nanging bojoku menehi aku kekuatan supaya tetep budhal nyang Jakarta amarga yen aku ora budhal arep nyambut gawe apa wong durung duwe 'pethingan' sing cukup kanggo golek kaya.
Dina sing tak liwati pancen abot, krasa suwe lan gawe ati nelangsa. Nanging bareng kabeh wis kulina banjur nemu hikmah sing pancen wis ditetepake Alloh marang titahe. Rasa tresna marang bojo, rasa tresna marang anak sansaya tambah, nilpun saben dina, yen krungu suarane bojo, anak rasanya mak nyus....... kaya Bondan.
Saben dina Jumuah aku mulih Karanganyar-Solo numpak kreta 'Senja Utama', dina Setu tekan prapatan Papahan-Karanganyar banjur ditunggu bojo lan anak wedokku sing prei sekolahe..... wah wah wah pancen nikmat yen mengkono kuwi, sanajan mengko Minggu sore kudu budal maneh menyang Jakarta.

Share:

4 komentar:

Anonim mengatakan...

bingung maksudnya...pindah kerja ke jakarta ya mas? so tiap wiken PP ke jkt-solo? bener ga yach ngartiinnya??? ;)

Unknown mengatakan...

bener mbak, aku tiap jumat pulang Solo, Minggu sore udah berangkat lagi ke jakarta. Capeeeeeeeek!!!!!

Shanti Fahlevi mengatakan...

Kok garwa kaleh putra putrinipun mboten nderek mawon? menawi panjengan ten sby mungkin radi sekeca, amargi airasia kadang langkung murah tinimbang kreta.

Anonim mengatakan...

Yoganipun yuswone pinten pakdhe ?
menawi mpun ageng, kulo tumut daftar nggih ?