5.07.2008

Sekar Pucung

Urip iku
Ibarate wong lumaku
Mandheg sawetara
Yen budhal ra bisa bali
Sangune iman, Islam, laku utama

Gesang punika ibaratipun tiyang ingkang lumampah lajeng kendel sawetawis ingkang saperlu ngunjal ambegan, nyusun kekiatan malih kangge nerusaken lampah. Rasulullah SAW ngendika ’ka raakibin istadzalla bi syajaratin tsumma raahaa wa tarakaha’ ingkang tegesipun, ’kaye dene wong lelungan sing ngeyup sangisore uwit gedhe, leren banjur ninggalake uwit iku mau’.
Alloh SWT saestu tresna dumateng titahipun, katitik wonten ing pagesangan kita sedaya pun sebar tanda-tanda ingkang nedahaken margi ikang kedah kita lampahi. Menawi pun perang mekaten, tanda-tanda punika kaperang dados kalih.
Ingkang sepindah inggih punika ’Ta’jilul Uqubah’ utawi ukuman ingkang enggal pun leksanaaken. Menawi kita anggadhahi lepat punapa kemawon, Alloh badhe ngemutaken kita sedaya kanthi samukawis ingkang mboten ngremenaken, umpaminipun kita kesupen dereng nindakaken sholat, lajeng kita kesandung utawi manah mboten sekeco, punika sampun mujudaken pepiling saking Alloh. Tiyang ingkang durjana mboten badhe ayem tentrem gesangipun menawi kiyambakipun dereng mertobat dumateng Alloh.
Lajeng tanda ingkang nomer kalih inggih punika ’laddzatu tha’ah’ utawi nikmatipun taat. Saestu menawi kita nglampahi sedaya dhawuh Alloh pramila kita badhe sekeco wonten ing pagesangan punika, ayom-ayem tentrem. Umpaminipun kita saged nglampahi sholat wonten ing awal wekdal, insya Alloh manah kita badhe kraos plong, seneng, ayem.Pramila mangga sedaya samukawis kedadosan wonten ing pagesangan punika, kita dadosaken pepiling saking Alloh, supados lampah kita mboten mingger dateng margi ingkang salah lan luput. Menawi kedadosan punika sae mangga pun syukuri ananging lamun kedadosan punika awon, mangga pun tintingi malih mbok menawi kita taksih asring nglampahi tumindak ingkang mboten leres.
Share:

0 komentar: