9.19.2008

Ngundhuh THE 4th AWARD FOR KAYLAKITA

Alhamdulillah, sedaya syukur namung pantes katur wonten ngarsa dalem Alloh SWT, ingkang sampun kepareng naymbung pasederekan kita sedaya sanadyan namung lumantar donya ingkang mboten ketinggal.
Matur nuwun dumateng Bunda Kayla ingkang sampun kersa paring pakormatan dumateng kawula, mugi kesaenan punika saestu dados taneman kangge gesang ingkang langkung sae wonten ing donya lan akherat. Suwun matur nuwun.
Share:
Read More

9.17.2008

Dununge Kautaman Sejati

Satemene kautamaning saben-saben pawongan iku dumunung ana ing telung perkara; pandengane, menenge lan omongane. Lire kepriye? Wong kang utama iku pandengane pikir, menenge mikir lan omongane dzikir.
Pandengane pikir ing ateges saben pandengane marang samubarang, wong iku mau bisa entuk pituduh saka sing dipandeng. Sejatine saben samubarang kalir sing gumelar ana ing ngalam donya iku mujudake ayat-ayate Alloh sing kudu diwaca, iku uga diarani 'maca kahanan'.
Menenge mikir ing ateges wong kang utama saben menenge mikir, ora ngantuk utawa ngalamun. Pikirane mung tumuju marang sakabehing kabecikan, lan mikir piye supaya kabecikan sumebar ana ing lumahing bumi.
Omongane dzikir ing ateges ngomong sak omong dipikir luwuh dhisik, ora kesusu metu tundhone bakal kliru. Wong utama mono omongane ngemu kabecikan, pitutur lan ajak-ajak marang kabecikan lan kesabaran. Ora seneng ngrasani liyan, tumbak cucukan 'kulak warta adol pangrungu', luwih becik meneng tinimbang omong samubarang kang ora ana gunane.
Share:
Read More

9.08.2008

Sendang Kamulyan

Mboten wonten tiyang gesang wonten ngalam donya punika ingkang mboten kersa gesang mulya. Sekathahing tindak budidaya supados saged kacekap anggenipun gesang lan ngupadi kamulyaning gesang, nyambut damel mboten ndulu wektu, ngantos supe dateng samukawis, supe halal-haram lan paugering Gusti.
Ing wulan Ramadhan punika saestu Alloh paring kamulyan dumateng kita sami lumantas sendang kamulyan ingkang dipun sebar wonten salumahing jagad. Sendang kamulyan punika kaperang dados gangsal sendang inggih punika :
Sendang kamulyan ingkang arupi Alqur'an. 'Wong sing wasis maca Qur'an bakal sesandhingan marang malaikat sing mulya lan bekti, lan wong sing grothal-grathul anggone maca Qur'an entuk ganjaran loro cacahe' (HR. Bukhori-Muslim). Dados eman sanget menawi ing wulan punika wonten piyantun muslim ingkang mboten kersa maos Qur'an, rugi sanget!!!
Sendang kamulyan ingkang arupi Tarawih. Saestu sholat Tarawih mekaten ikhtiar kangge ngulintenaken kita supados sholat dalu, sahingga ing sajawinipun wulan Ramadhan kita sampun kulinten lan enthenglampahi sholat dalu.
Sendang kamulyan ingkang arupi Masjid. 'Kabarna marang wong kang gelem lumaku ing wengi kang peteng tumuju masjid menawa bakal oleh cahya kang padhang ana ing akherat. (HR. Al-Hakim lan Tirmidzi).
Sendang kamulyan ingkang arupi Fajr dumugi Dhuha. Punika wekdal ingkang sae kangge dzikir, emut dumateng Alloh, pramila monggo tansah emut dumateng Gusti supados kita dipun gatosaken lan pikantuk kesaenan donya-akherat.
Sendang kamulyan ingkang arupi Istighfar. 'Satemene Alquran iku nuduhake marang sira lelara lan obate, lelaraning urip yaiku dosa lan obate arupa Istighfar' (Qotadah)
Mugi-mugi kita sedaya pikantuk kamulyaning gesang donya-akherat lumantar wulan Ramadhan ing taun punika.
Share:
Read More