5.31.2012

Golek Wah Entuk Wo

Yen pinuju dewekan banjur kelingan nalika isih sekolah ing EseMA ndhisik. Jenenge cah enom keladuk wani kurang duga, gonyak-ganyuk nglelingsemi durung duwe suba sita lan pikirane durung genep.
Wong ndesa Munggung, Karangdowo, Klaten ing watesing Kabupaten Klaten iring wetan sing sejangkah maneh mlebu Kabupaten Sukoharjo koq banjur sekolah neng kutha Klaten penere SMAN 1 Klaten. Weruh para kanca sing dasare wus sugih pada budhal sekolah nitih brong pit (sepeda motor/uduk) koq banjur tuwuh krentek ing jroning ati, wah ebo penake tur gagah yen aku ya numpak uduk ngono kuwi.
Dina Setu sore aku wus nyangking tas rangsel kluwuk, nganggo kaos oblong lethek, sandal jepit banjur ngadang bis kang tumuju Pedan ing saperlu mulih Munggung, Karangdowo lan mantep jroning ati bakal matur bapak nyuwun dipundhutke uduk. Udakara rong jam aku wis tekan ing omah gedhe tuwa sing durung dijobin opo maneh tegel lan keramik.
Ora sranta aku matur Bapak kang wis katon sepuh ngluwihi yuswane amarga rekasaning nyambut gawe, 'Pak, mbok kula dipundhutke uduk ben kaya kanca-kanca kae.' Bapak ngunjal ambegan sawetara banjur ngendika kanthi alon-alon kaya-kaya ngerti yen sing diadhepi bocah enom sing lagi murup. 'Le, ojo seneng golek wah ning pungkase wo.' Ora mudeng karepe Bapak sakjane aku, mung ndomblong, nanging Bapak banjur bacutake rembug, "lire mengkene Le, yen awakmu numpak uduk akeh wong padha alok wah elok ya anake Pak Hardi wis numpak uduk, ning bareng ngerti asal-usule uduk saka utangan banjur ngomong, wo....jebul utangan ta.'
Jleger!!! kaya bledheg nyamber-nyamber ing mangsa kesanga. Alhamdulillah, aku duwe Bapak kados jenengan. Nadya tetep ngebis nanging aku mongkok.
Share:
Read More

5.30.2012

Dielingke


Durung jenak anggonku lungguh ing kursi kantor, sakwise sewengi nglakoni turu ing sak ndhuwure kreta Senja Solo kang ngeterke awak iki tumuju kutha Jakarta. Suwara ringtone ing hape sajak ngaru-ara, tak pandeng ing kacane hape tinulis ’Ummi Sayang’ pratanda yen sisihanku butuh mring aku. ’Ana apa dik? Koq sajak wigati, isih isuk tur nembe pisah koq wis kangen?’ mengkono pitakonku. Karo sajak sedih, sliramu banjur matur, ’Mas, Bapak dhawar saka gendheng langgar!!!’.  ’Innalillahi, wis ndang diplayokke neng griya sakit wae.’
Ora sawetara suwe, suwara hape muni maneh nadyan namung sedela kang asung pratanda yen ana sedulur sing paring warta kanthi ngirim pesen cekak (SMS). Tak bukak isi pesen sing pranyata saka adhi lanang Klaten sing surasane gawe geter uga. ’Mas, wektu iki Bapak, Nyemek (adhi wadonku), Sabriana lan Zakka (ponakan) lagi gering, wis telung ndina ora bisa tangi.” Innalillahi...
Astaghfirullah, sun sedhot jero ambegan nganti katon kebak ing jaja, sun bucal kanthi alus binarung istighfar tan kendhat. Tak unggahke lan tak udhunake, tak petani awak iki mbok menawa isih akeh penggawe ala mring sepada-pada utawa ngibadah sing ora nggenah.
Sun puji Gusti Alloh bareng wus ketemu underaning perkara, wus telung ndina iki anggonku maca kitab suci Alquran kurang setiti, sholat wengi rada lali. Alloh, nyuwun sih gunging pangaksami, astaghfirullah....astaghfirullah...astaghfirullah...
Share:
Read More