2.02.2011

PR Basa Jawa

Jam 18.04 rampung anggonku futsal neng Kenari Mas. Motor silihan sing tak tumpaki banjur tak untir nganti bengok-bengok supaya bisa tekan kantor maneh lan isih keduman Maghriban. Alhamdulillah jam 18.20 wis tekan kantor ing tlatah Senen, Jakarta Pusat. Maghriban dhisik neng musholla cuilik kantor isih entuk jama'ah bareng Fitri arek Bagian Logistik.
Bubar sholat, komputer tak uripke, ndelengi laporan wulan sing durung rampung. Alhamdulillah ana sawijining cabang sing awan mau nggandhul, saiki wis isa dirampungi. Telipun gegem sing isih neng tas futsalku njerit-njerit, menehi pratanda menawa ana pawongan sing pengin ngendikan marang aku. Kewaca neng layare N2116 lawas jeneng sing tansah dadi gantilanku....'Ummi Sayangku' wah... bojoku nelpun iki.
Keprungu swara ing talipun saka Karanganyar-Solo ...'Bi, ajari gawe PR.' Anakku lanang sing nembe kelas papat SD nyuwun diwuruki gawe PR. 'PR apa nak?' pitakonku marang deweke. 'Gawe surat ijin ora mlebu sekolah amarga sakit ning nganggo Basa Jawa.' Gubrak!!!!
Tak awiti gawe layang idi kanthi ndekte anakku lanang. 'Katur dumateng bla.bla.bla......' alhamdulillah rampung, sanajan akeh ukara sing anakku durung ngerti karepe, nanging PR-e wis rampung. Kapan aku bisa kumpul banjur muruki sakabehing kabecikan marang kulawargaku.... Allohu Akbar.
Share:

0 komentar: