Durung jenak anggonku lungguh ing kursi kantor, sakwise
sewengi nglakoni turu ing sak ndhuwure kreta Senja Solo kang ngeterke awak iki
tumuju kutha Jakarta. Suwara ringtone ing hape sajak ngaru-ara, tak pandeng ing
kacane hape tinulis ’Ummi Sayang’ pratanda yen sisihanku butuh mring aku. ’Ana
apa dik? Koq sajak wigati, isih isuk tur nembe pisah koq wis kangen?’ mengkono
pitakonku. Karo sajak sedih, sliramu banjur matur, ’Mas, Bapak dhawar saka
gendheng langgar!!!’. ’Innalillahi, wis
ndang diplayokke neng griya sakit wae.’
Ora sawetara suwe, suwara hape muni maneh nadyan namung
sedela kang asung pratanda yen ana sedulur sing paring warta kanthi ngirim
pesen cekak (SMS). Tak bukak isi pesen sing pranyata saka adhi lanang Klaten
sing surasane gawe geter uga. ’Mas, wektu iki Bapak, Nyemek (adhi wadonku),
Sabriana lan Zakka (ponakan) lagi gering, wis telung ndina ora bisa tangi.” Innalillahi...
Astaghfirullah, sun sedhot jero ambegan nganti katon
kebak ing jaja, sun bucal kanthi alus binarung istighfar tan kendhat. Tak unggahke
lan tak udhunake, tak petani awak iki mbok menawa isih akeh penggawe ala mring
sepada-pada utawa ngibadah sing ora nggenah.
Sun puji Gusti Alloh bareng wus ketemu underaning
perkara, wus telung ndina iki anggonku maca kitab suci Alquran kurang setiti,
sholat wengi rada lali. Alloh, nyuwun sih gunging pangaksami,
astaghfirullah....astaghfirullah...astaghfirullah...
0 komentar:
Posting Komentar