3.24.2016

Jengkol Gerih

Wengi iku meneri malem Kemis. Lehku turu sajak kurang jenak amarga sesuk kudu mancal gaweyan sing kaemban ing Pekanbaru. Jam papat isuk alarm ing hapeku muni, nggugah turuku sing rinasa nembe sak leran.

Alhamdulillah taksih pinaringan umur dening Allah, mugiya berkah lan bisa asung kesaenan mring sesamining agesang. Tangi banjur nyandhak banyu putih ing pinggire kasur, sak botol entek kanggo nyonggo awak sing wis wiwit tuwek.

Sakwuse Subuhan, gaweyan wus katon ngawe-awe. Tak sawang ruangan kanggo pasamuan para tamu wis katon resik edi peni nadyan lampune isih mati. Laptop sun uripke banjur nyithak layang-layang kang kudu disumadiyaake.

Tan rinasa jebul wus mancik jam rolas awan, kamangka aku durung sarapan. Bismillah, niat insung pasa muga tinampa sing Kuwasa. Jam setengah lima pasumuwan wus katon rampung, bubar Maghrib ana kanca sing ngajak buka ana ing njaba. Sega Padang dadi klangenan, jengkol gerih kanggo lawuhe... Masya Allah, rasane asin tur nglawuhi... Manyusss...
Share:

0 komentar: