10.14.2008

Anggarbini

Rasulullah saw ngendika : ‘…..Ora ana wong wadon siji wae sing mbobot saka bojone kajaba deweke pinayungan Gusti Alloh nganti deweke ngrasakake lara amarga babaran, lan saben rasa lara sing dirasakake ganjarane kaya dene merdikaake budak sing mukmin. Yen wus babaran lan nusoni, kamangka saben tetes susu sing disesep anake ndadekake cahya kang sumunar ing ngarepane suk neng akherat, sing nggumunake saben uwong sing ndeleng. Kajaba iku deweke cinathet kaya dene wong pasa, lan umpamane pasa iku tanpa buka mesthi bakal dicathet kaya dene pasa lan sholat wengi selawasing urip. Rikala nyapeh anake Gusti Alloh Kang Maha Agung dhawuh : ‘He wong wadon, Ingsun wis ngapuro dosa-dosamu sing uwis-uwis, mula anyarna maneh sakabehing amalmu’. (Mustadrak Al-Wasail : bab 47, kaca 623)
Estu bingah rasaning manah punika, jer mangertosi bilih garwa kula nembe anggarbini putra kawula ingkang nomer tiga, nyuwun donga panestunipun mugi dipun paringi gampil ing sedayanipun. Mugi gampil anggenipun mbobot, seger waras ing sewayah-wayah, lahir saged gampil, dados putra ingkang sholeh utawi sholehah, mbangun miturut dumateng Alloh, rasul lan ugi tiyang sepuhipun, migunani mungwing agama, bangsa lan negari. Wasis ing sekathahing sumukawis, saged dados tepo palupining agesang, pinaringan slamet donya lan akheratipun.
Matur suwun lan kepareng ngaturaken sugeng riyadi sedaya lepat nyuwun pangaksami.
Share:

1 komentar:

Reni Dwi Astuti mengatakan...

Alhamdulillah, kulo tumut bingah mangertosi warto punika. Mugi-mugi menopo ingkang panjenengan sakulawarga dipun ijabahi saking ngarsanipun Gusti Allah SWT. Lan, ingkang garwa tansah pinaringan kesehatan anggenipun mbobot....