10.23.2008

Mutah lan Lemesipun Anggarbini

Sampun wetawis tigang minggu punika, istri kawula nyebut lemes amargi asring mutah. Saben wayah raosipun mungkuk-mungkuk kemawon kraos badhe mutah. Panci awrat menawi nembe anggrabini enem, sapunika nembe ngancik alih wulan.
Sejatosipun kula uga mesakaken menawi mangertosi kahanan istri kula ingkang kados mekaten, punapa malih ujaripun tiyang sepuh 'pancen yen mbobot anak nomer telu iku abot-abote wong mbobot koq nak.' Nanging kedah pun niati punika kange ibadah, putra punika celengan amargi menawi kita saged nggulawenthah putra dados sholeh-sholehah, Insya Alloh mboten namung wonten donya kemawon kita badhe ngundhuh ananging wonten alam kubur lan akherat ugi badhe netes.
Pramila sederek saestu dados ibu punika panci takdiripun Alloh lan kedah pun tampi kanthi suka renaning penggalih, amargi menawi mboten wonten ibu donya punika badhe cuthel, ingkang nyambung sejarah mboten wonten.
Mugi saking guwa garbanipun istri kula badhe lair para putra ingkang saged dados tepa palupining agesang, sabar lan pinter syukur ugi ngabekti dumateng tiyang sepuhipun. Mbok bilih punika kudanganipun Manthous kangge para putra :
anakku sing bagus dhewe
sesuk pinter sekolahe

suk yen wis nyambut gawe

kudu mlaku sak mesthine

Share:

1 komentar:

Anonim mengatakan...

nderek mangayubagyo dumateng panjenengan, inggih pendhonganipun dadosa putra-putri ingkang soleh/solehah, saged ngabekti dumateng tiyang sepuh kelawan pinter ngibadah amien..