6.25.2008

Tutur dadi Sembur

Rikala aku isih sinau neng Sekolah Dasar (SD) ana ing desaku Karangdowo Klaten, aku didhawuhi bapak supaya rewang matun eneng sawah. Lha sawah iku mau panggonane jejer karo sawahe simbah cilik (adhine simbah) sing jenenge Mbah Hardo.
Dasar aku bocah kesed tur manehe ringkih, pinuju pas matun aku asring capeng utawa malang kerik amarga rasane boyokku pegel kabeh, lha ora nate nyambut gawe neng sawah tur ndungkluk koq didhawuhi matun.

Semune Mbah Hardo nggatekake anggone asring ndengengeg bantujur capeng iku mau. Mbah hardo alok marang aku, 'Sam.........Sam.......lha wong matun koq mung malang kerik wae, kowe ki ora pantes dadi wong tani, pantese dadi priyayi'.

Wanci dilokke kaya ngono kuwi atiku rada serik, wadhuh....... jebul Mbah Hardo mriksani aku ta? Isin aku, apa maneh bapak ya melu ngulati aku, mesthi wae kanthi polatan sing ora nyenengake. Aku mudeng endi polatane bapak sing penak lan endi sing ora kepenak.

Kedadeyan iku tak eling-eling tenan nganti saiki. Aku ora ngira jebul ngendikane Mbah Hardo jaman semana iku dadi donga mungwing awakku. Bareng saiki aku wis ngancik dhewasa (umurku saiki wis 34 taun), aku malah matur nuwun marang Mbah Hardo, tenan!!!! saiki aku ora dadi wong tani, nanging dadi priyayi lan malah saiki cekel gawe ana ing Jakarta.

Crita iki bisa diwastani 'Tutur dadi Sembur' sing ateges rembug utawa pangandikane wong tuwa sing dadi donga. Mula saiki aku wis dadi wong tuwa (anakku 2), mesthine kudu ngati-ati yen ngendikan apa maneh marang para putra.
Share:

0 komentar: