1.27.2011

Kawitane Kabecikan

'Mas... sesuk kula diajari ngisi nggih.' Keprungu swarane bojoku ing tlepun gegem sing wis sawetara nempleg ing kupingku. Mak dap!!! Jroning atiku, krasa kabeh luput tumanduk nyang awak iki... seprono suwene anggonku bebrayan karo slirane, jebul durung nate paring wuruk mungwing kabecikan.
'Insya Alloh....' tak jawab mengkono. Wah... bojoku wus awit wani ngisi kajian cilik neng desa sing rada adoh saka papan panggonanku. Pancen temen, kabecikan kuwi kudu ndang diwiwiti amarga wektu sing Alloh paringake marang awak-awak iki mung sedela.
Setu isuk tekan ngomah sawise sewengi numpak sawunggalih banjur sinambung Prameks tekan ing sutasiyun Palur, dipapag numpak uduk-uduk Beat sing dadi jaranane bojoku. Sawise leren sawetara, 'Dik.... sida diajari ngisi kajian pa?'. 'Nggih mas..'
Takbukai majalah Tarbawi lawas, golek wacan sing bisa dadi sangu ngisi kajian kanngo bojoku. Ketemu banjur mbuka Alquran golek maraji' supaya sing diaturke marang sedulur sing kajian pancen ana dasar sing gumathok.
Nyuwun jurung pamuji mugi saged kaleksananan sedaya kesaenan punika. Matur nuwun.
Share:
Read More

12.02.2009

Mei Sepo

Mulih saka lapangan bubar Sholat Idul Adha... rasane weteng wis ora iso dikandani. Lha piye nyunnah yen meh Sholat Idul Adha luwih becik ojo maem dhisik.
Lha dhilalah... neng ngomah ora ono upa bengkong (sega) anane mung mie instan. 'Dik... mbok gawe mie ta, wetengku wis klurug je...' ngomongku marang Ummi (bojoku). 'Nggih mas...., sekedap nggih'. Sedela Ummi mbukak kulkas...... 'kantun mie goreng niku mas...?'. 'Sing rebus gak ana ta Dik...?. lha wong senenganku ki sing godhog je. 'Wonten mas, ning mung setunggal.' 'Yo wis... gawe loro sisan wae, siji rebus, siji goreng masake bareng wae'.....
Kocap....!!! Mie godhog wis mateng..., aku kebagian godhog, Ummi kebagian sing goreng. 'Dik, koq mie-ku rasane sepo?. 'Lah..... mie kula malah asin banget mas....!!!' Bareng ditelusuri..... jebul bumbu mie rebus disuntak pisan neng mie goreng..... Haduh..!!!!
Bareng tak pikir-pikir.. apa sing salah, jebule.... wulan iki Ummi durung tak wenehi gaji.... mulane disindir nganggo mie sepo.... Oalah Dik... ngapunten banget.
Share:
Read More

8.12.2009

Semprotan Omo Tanduran

Bengi iki aku koq pengin banget nelpon bapak Klaten... e.... menawa ana apa-apa. Telpon diangkat banjur keprungu suwarane bapak, 'Assalamualaikum, piye le kabarmu. Aku koq krasa ora penak genahe neng omahmu ana kedadeyan apa?' Pancen bapak elok tenan wis ngerti sakdurunge pinarak. 'Itsar (anak lanang) lagi anget pak, Iffa (anak no.2) isih cemburu nang adhine, Dik Iyaz isih gayeng merga lara neng gegere.'

'Aku tak ngomong ya le, sakdurunge nyuwun sewu. Yen awakmu ana duit mbok aku ditukokne kitop*, mosok saben arep nyemprot kacang ijo kudu njileh nang tangga..... ora penak aku le'. Mak dhap rasane atiku, lha koq bapak ngomong nyang anake ndadak 'nyuwun sewu'..... sing kebangeten ki rak ya anake ta.

'Insya Alloh pak, suk yen bali tak aturke duite bene bapak gak usah njileh-njileh nyang tangga.'

*) Kitop = sprayer : piranti kanggo nyemprot omo tanduran.

Share:
Read More

4.29.2009

Antarane garisan, rukuh lan clana lepis

Durung suwe anggonke mlebu kamar kost mulih saka musholla sholat Subuh, hape tua N.2115-ku wus muni tanda ana telepon sing mlebu. Tak sawang jeneng sing ketulis ono LCD wis apal 'Ummi Sayang', bojoku sing dhenok deblong nembe kangen. 'Assalamu'alaikum...... Bi, aku tukokne garisan ya sing padha nggone mas Itsar ono gambare kupu', suarane anak wadonku karo nangis. 'Insya Alloh, nduk..... suk yen Abi mulih'.
Dina Setu aku wus teka ana ing Papahan lan dijemput Ummi sing nggoncengke Iffa (anak wadonku). Sepeda motor takstater banjur gas takuntir motor BEAT mlaku. Ono ing ndalan Iffa wis wiwit guneman. 'Tenan lho bi, aku ditukokke garisan, karo rukuh, karo........... lepis (clana jean)'. Bocah iki!!!!! 'Nduk ya duwite Abi gak cukup yen nggo tuku kabeh lah, wis dipilih wae.... garisan, rukuh utawa lepis?, kudu mung salah siji lho!!!!. 'Yo wis naknu garisan sik wae'. Alhamdulillah pilihan sing pinter.
Isuk iku uga aku banjur ngeterke anak wadon menyang pasar, tuku garisan sing dikarepake, regone ora larang ning wis gawe atine ayem. 1.000 rupiah!!!!
Share:
Read More

3.02.2009

Raos Syukur

Saben sholat jamaah wonten ing masjid Asy-Syifa, utaminipun saben sholat Dhuhur, Ashar Maghrib kula asring pinanggih pawongan ingkang damel manah kula sansaya rumaos kirang anggen kula syukur dumateng Alloh.

Pawongan punika ingkang sregep anggenipun sholat jamaah, lan anehipun pawongan punika 'nyuwun pangapunten' mboten kagungan suku kekalihipun lan namung anggadhahi satunggal asta ingkang kering kemawon. Saben lumampah namung ngangge asta ingkang kering punika kemawon.

Saben bibar sholat kiyambakipun medal saking masjid lajeng lelenggahan ing jawi masjid. Para jamaah ingkang sampun rampung anggenipun sholat sami medal, lan asring maringi arta marang pawongan niku wae, nggih wonten ingkang 1.000 wonten ingkang 2.000 lan mboten sekedhik ingkang maringi 5.000.

Kula boten nganggep pawongan punika 'pengemis' amargi praupanipun mboten kados pengemis, badanipun resik, potonganipun klimis lan ingkang damel kula tambah gumun..... sholatipun ingkang sregep.

Monggo sederek kita galih sesarengan, kita ingkang gadhah suku komplit, asta komplit napa sampun saged nglampahi sholat jamaah kanthi sae? Kados pundi mangke tanggel jawab kita sedaya ewonten ngarsanipun Alloh? Raos syukur kita punapa sampun cekap?

NB : Gambar punika sanes potretipun pawongan kasebat.

Share:
Read More

1.29.2009

Kangene Bapak

Wingi isuk, mulih saka masjid bubar sholat Subuh ing HP tuaku (Nokia 2116) ana miscall kaping pindho. Takbukak jebul ana miscall saka 'Bapak Kakung' sing ateges saka Bapak kandungku sing neng Klaten. Janur gunung kadingaren Bapak nelpon aku, saumur-umur Bapak durung nate nelpon aku, adate Bapak mung pesen marang Adhiku wadon babagan apa sing dikarepake. E..... esuk iki koq nelpon aku, mesti ana perkara sing wigati tenan.
Aku banjur nelpon genti neng HP-ne Bapak, ben cetha ana pawartos apa?, sawise salam aku banjur takon, 'ana apa Pak koq kadingaren ngebel aku?'. 'Bapak kangen wae koq Le karo kowe, sawise kowe mrene karo bocah-bocah ing preen Tahun Baru 2009 wingi, rasane omah sepi..... kange aku Le karo suwaramu.' Duor!!! Kaya disamber bledheg rasane atiku, pancen kebangeten aku iki, ora nate caos kabar marang wong tuwa.
Share:
Read More

1.15.2009

Ungseran Toyo

Menawi kita sedaya kersa menggalih ingkang saestu-estu lan kepareng kendel sawetawis kangge muhasabah punapa kemawon ingkang sampun kelampahan ing salebetipun pagesangan kita sami. Umpaminipun kemawon monggo kita menggalih menggah yuswa utawi wekdal ingkang sampun Alloh paringaken dumateng kita.

Sederek, rumiyin rikala kita taksih alit mbok menawi mboten kathah tanggel jawab ingkang pun sampiraken dumateng kita sedaya, ananging sesarengan kaliyan tambahipun umur, tambah ageng, tambah dangu kita gesang pramila tambah kathah ugi tanggel jawab ingkang kaemban.

Punika mboten patos benten kaliyan ungseran toyo ingkang kathah saged kita panggihi ing lepen-lepen sacelakipun kita sedaya. Ungseran toyo punika menawi taksih wonten pinggir, lampahipun toyo alon-alon sanget, ananging menawi sampun celak kaliyan bolongan ingkang badhe pun lebeti, toyo punika sansaya cepet anggenipun mlampah.

Mekaten ugi gesang kita sedaya, sansaya tuwa sansaya cepet lampahipun lan sansaya kathah ayahanipun, pramila punika saged dados pitutur dumateng kita sami bilih saestu wekdal ingkang sampun Alloh paringaken dumateng kita punika kedah pun ginaaken sa'sae-saenipun. Saenipun mumpung taksih enem kedhah pados ilmu ingkang kathah utaminipun ilmu agami kangge sangu gesang sae ing donya malih-malih ing akherat.

Share:
Read More

10.30.2008

Tuladha Sayekti

Para sederek, gambar punika fotonipun mara sepuh kula asma pun 'Pak Slamet Riyanto'. Wonten kathah hikmah lan tepa palupi ingkang sae ingkang saged kita sedaya pendhet saking panjenenganipun mliginipun kangge kawula punika.
Ing antawisipun tuladha sayekti ingkang saged kapendhet inggih punika :
1. Bapak punika kagungan pemanggih bilih sholat jamaah punika kedah pun lampahi sedaya Muslim. Pajenenganipun saestu kenceng sanget anggenipun ngrungkepi pemanggih punika, sahingga ing saben wayah mireng adzan, Bapak budidaya saged ngrawuhi sholat berjamaah. Menawi pinuju wonten margi, lan mireng suanten adzan Bapak mandheg lajeng pados papan panggenan (masjid) kangge sholat jamaah.
2. Menawi telat sholat jamaah (masbuk), pejenenganipun budidaya sholat saklajengipun adzan. Dados menawi Dhuhur telat, Ashar insya Alloh pejenganipun ingkang adzan, menawi Ashar telat, Maghribipun Bapa ingkang adzan.
Sedere mangga pun pendhet hikmah punika, mugi sae ing sedayanipun.
Share:
Read More

10.23.2008

Mutah lan Lemesipun Anggarbini

Sampun wetawis tigang minggu punika, istri kawula nyebut lemes amargi asring mutah. Saben wayah raosipun mungkuk-mungkuk kemawon kraos badhe mutah. Panci awrat menawi nembe anggrabini enem, sapunika nembe ngancik alih wulan.
Sejatosipun kula uga mesakaken menawi mangertosi kahanan istri kula ingkang kados mekaten, punapa malih ujaripun tiyang sepuh 'pancen yen mbobot anak nomer telu iku abot-abote wong mbobot koq nak.' Nanging kedah pun niati punika kange ibadah, putra punika celengan amargi menawi kita saged nggulawenthah putra dados sholeh-sholehah, Insya Alloh mboten namung wonten donya kemawon kita badhe ngundhuh ananging wonten alam kubur lan akherat ugi badhe netes.
Pramila sederek saestu dados ibu punika panci takdiripun Alloh lan kedah pun tampi kanthi suka renaning penggalih, amargi menawi mboten wonten ibu donya punika badhe cuthel, ingkang nyambung sejarah mboten wonten.
Mugi saking guwa garbanipun istri kula badhe lair para putra ingkang saged dados tepa palupining agesang, sabar lan pinter syukur ugi ngabekti dumateng tiyang sepuhipun. Mbok bilih punika kudanganipun Manthous kangge para putra :
anakku sing bagus dhewe
sesuk pinter sekolahe

suk yen wis nyambut gawe

kudu mlaku sak mesthine

Share:
Read More

10.14.2008

Anggarbini

Rasulullah saw ngendika : ‘…..Ora ana wong wadon siji wae sing mbobot saka bojone kajaba deweke pinayungan Gusti Alloh nganti deweke ngrasakake lara amarga babaran, lan saben rasa lara sing dirasakake ganjarane kaya dene merdikaake budak sing mukmin. Yen wus babaran lan nusoni, kamangka saben tetes susu sing disesep anake ndadekake cahya kang sumunar ing ngarepane suk neng akherat, sing nggumunake saben uwong sing ndeleng. Kajaba iku deweke cinathet kaya dene wong pasa, lan umpamane pasa iku tanpa buka mesthi bakal dicathet kaya dene pasa lan sholat wengi selawasing urip. Rikala nyapeh anake Gusti Alloh Kang Maha Agung dhawuh : ‘He wong wadon, Ingsun wis ngapuro dosa-dosamu sing uwis-uwis, mula anyarna maneh sakabehing amalmu’. (Mustadrak Al-Wasail : bab 47, kaca 623)
Estu bingah rasaning manah punika, jer mangertosi bilih garwa kula nembe anggarbini putra kawula ingkang nomer tiga, nyuwun donga panestunipun mugi dipun paringi gampil ing sedayanipun. Mugi gampil anggenipun mbobot, seger waras ing sewayah-wayah, lahir saged gampil, dados putra ingkang sholeh utawi sholehah, mbangun miturut dumateng Alloh, rasul lan ugi tiyang sepuhipun, migunani mungwing agama, bangsa lan negari. Wasis ing sekathahing sumukawis, saged dados tepo palupining agesang, pinaringan slamet donya lan akheratipun.
Matur suwun lan kepareng ngaturaken sugeng riyadi sedaya lepat nyuwun pangaksami.
Share:
Read More