1.29.2009

Kangene Bapak

Wingi isuk, mulih saka masjid bubar sholat Subuh ing HP tuaku (Nokia 2116) ana miscall kaping pindho. Takbukak jebul ana miscall saka 'Bapak Kakung' sing ateges saka Bapak kandungku sing neng Klaten. Janur gunung kadingaren Bapak nelpon aku, saumur-umur Bapak durung nate nelpon aku, adate Bapak mung pesen marang Adhiku wadon babagan apa sing dikarepake. E..... esuk iki koq nelpon aku, mesti ana perkara sing wigati tenan.
Aku banjur nelpon genti neng HP-ne Bapak, ben cetha ana pawartos apa?, sawise salam aku banjur takon, 'ana apa Pak koq kadingaren ngebel aku?'. 'Bapak kangen wae koq Le karo kowe, sawise kowe mrene karo bocah-bocah ing preen Tahun Baru 2009 wingi, rasane omah sepi..... kange aku Le karo suwaramu.' Duor!!! Kaya disamber bledheg rasane atiku, pancen kebangeten aku iki, ora nate caos kabar marang wong tuwa.
Share:

2 komentar:

elha mengatakan...

http://jangankedip.blogspot.com/ : hebring euy dikangeni ortu..hebring...kpn neh kita kumpul2...slm ukhuwah elha (bersama dhuafa kami bersuara)

elha mengatakan...

http://jangankedip.blogspot.com/ : hebring euy dikangeni ortu..hebring...kpn neh kita kumpul2...slm ukhuwah elha (bersama dhuafa kami bersuara)