
'Bi, yen sunat ki sakit mboten ta Bi?' Sore-sore pas preian sekolah wingi anakku lanang takon karo aku mengkono kuwi. Banjur tak jawab, 'mboten mas, mung kaya dicokot semut koq'. 'Wah yen ngoten mbok kula ndang disunatke mawon'. Kaget aku krungu penyuwunane anakku lanang, lha wong nembe kelas 2 SDIT...