
Mumpung ana gratisan aku tak nderek priksa kesarasan. Driji tengah
tangan tengen sinuduk dom nganti metu getihe, ngunjal napas nahan rasa
supaya drijine ora lara...
Lengen tengen den agemi sabuk njur
dikompa kanggo nanda rah sih obah-obah. Cinathet ing dluwang sak suwek
kang tinulis jenengku...