12.11.2013

Pelem Impen

Saben budhal Maghriban ing Mejid Sudirman Denpasar, aku asring ngliwati warung kang dodolan maneka warna woh-wohan. Ana semangka, kates, gedhang lan wayah saiki uga dodolan pelem. Nyawang pelem iku banjur kelingan jaman cilikanku biyen, senenge mlinthenge pelem nggone Pakdhe Jinto neng ngarep omah. Yen konangan banjur didukani lan diuyak-uyak.... Owalah le le, koq ya ngono lelakone.
Nanging saiki, jamane wis maju tur aku ya wis cekel gawe dadi yen kanggo tuku pelem we ya kuwat lah insya Allah. Rasa pengin sing wus ndesek, kaya-kaya idu iki ngeces (ngidham ya'e) mbayangake rasane pelem kang legi. Unen-unene wong tuwa kae jare 'pelem ki enak yen mateng ati le'.
Bakda Maghrib aku ora mulih nanging nunggu wayah Isya' pisan, lha wong kost-e rada adoh ben ngirit bengsin ta. Neng plataran mejid kang amba, aku golek panggonan sing kepenak, blekberi lan alat sing disupelke kuping tak tokne saka tasku banjur aku nelpun bojoku, 'Dik, aku tak tuku pelem ya koq rasane pengine eram-eram'. 'Monggo mas mboten napa-napa'. Wangsulane bojoku. Alhamdulillah wis entuk palilah.
Bubar sholat Isya' aku liwat dalan iku maneh, owalah pancen durung rejeki lha koq warunge wis tutup..... Alhamdulillah duwite wutuh. Pelem......pelem......nyedhaka mrene....
Share:
Read More

12.10.2013

Pengin Kuru

Durung suwe iki, bojoku nyuwun dipundhutke timbangan. 'Mas, mbok tumbas timbangan sing kaya neng Puskesmas kae to mas'. Mengkona iku penyuwune nalika senggang rikala wanci sore.
Aneh rasane koq kadingaren duwe penyuwunan ara sa'baene. Deg-degan atiku banjur tak takoni, 'Dik, koq penyuwune aneh ta, lha apa ngidham pa?'. 'Mboten mas, kan kula nggih pingin kuru kados rencang-rencang nika'. 'Menawi nyawang wong kuru koq kadose enthing le nggawa awak ngoten lho'. Alesane bojoku sajak  tenan-tenana.
Durung kelakon anggone tuku timbagan, lha koq diete wis diawiti. Yen wayah esuk dijak maem bareng mung kersa ngancani thok ning ora gelem melu maem, yen wanci awan maem sega mung sak pucuk enthong, sayure sing kepara akeh, wektu sore maeme ya mung sethithik lan yen wis bakda Isya' ora kersa dhahar apa-apa maneh..... Masya Allah 'Perjuangan' tenan iki.
Ora tega nyawang kahanan kang kaya ngono, banjur aku budhal neng Mall tumbas timbangan sing kaya neng Puskesmas kae, tak goleke sing cukup ya ora kelarangen ning ya ora murah banget supaya bisa nyenengke bojo lan isa kanggo tanda tresna. Ibarat wong saiki ngono jarene menehi 'Supot' ngono kuwi.
Ing nalikane timbangan wus tekan ngomah banjur tak aturake marang bojoku (sing tak tresnani), 'Alhamdulillah mas, matur nuwun sanget'. Disalami tanganku banjur diambung tanda matur nuwun wis dipundhutke penyuwune. Ora sranta, timbangan banjur dibukak kerduse, diselehake ing jobin sing leter, munggah mak clingkrik, jarum timbangan muter nduhake angka 55 (seket lima) kilo. Pasuryan sing mau katon ayu putih dumadakan dadi rada abang ireng sajak kaya bar weruh memedi. 'Eneng apa ta dik koq katos sluntrut ngono?' pitakonku. 'Niki lho mas, mosok pun direwangi diet, ngurang-urangi le maem koq ya mung mudun 2 kilo'. Ature bojoku.
Kanggo nambani kuciwaning atine bojoku, tetep menehi 'Supot' uga kanggo wujud tresnaku marang bojo, tak kandani, 'Dik, kuru utawa lemu...... Aku tetep tresna sliramu...' Gubrak!!!

Share:
Read More