Yen pinuju dewekan banjur kelingan nalika isih sekolah ing EseMA ndhisik. Jenenge cah enom keladuk wani kurang duga, gonyak-ganyuk nglelingsemi durung duwe suba sita lan pikirane durung genep.
Wong ndesa Munggung, Karangdowo, Klaten ing watesing Kabupaten Klaten iring wetan sing sejangkah maneh mlebu Kabupaten Sukoharjo koq banjur sekolah neng kutha Klaten penere SMAN 1 Klaten. Weruh para kanca sing dasare wus sugih pada budhal sekolah nitih brong pit (sepeda motor/uduk) koq banjur tuwuh krentek ing jroning ati, wah ebo penake tur gagah yen aku ya numpak uduk ngono kuwi.
Dina Setu sore aku wus nyangking tas rangsel kluwuk, nganggo kaos oblong lethek, sandal jepit banjur ngadang bis kang tumuju Pedan ing saperlu mulih Munggung, Karangdowo lan mantep jroning ati bakal matur bapak nyuwun dipundhutke uduk. Udakara rong jam aku wis tekan ing omah gedhe tuwa sing durung dijobin opo maneh tegel lan keramik.
Ora sranta aku matur Bapak kang wis katon sepuh ngluwihi yuswane amarga rekasaning nyambut gawe, 'Pak, mbok kula dipundhutke uduk ben kaya kanca-kanca kae.' Bapak ngunjal ambegan sawetara banjur ngendika kanthi alon-alon kaya-kaya ngerti yen sing diadhepi bocah enom sing lagi murup. 'Le, ojo seneng golek wah ning pungkase wo.' Ora mudeng karepe Bapak sakjane aku, mung ndomblong, nanging Bapak banjur bacutake rembug, "lire mengkene Le, yen awakmu numpak uduk akeh wong padha alok wah elok ya anake Pak Hardi wis numpak uduk, ning bareng ngerti asal-usule uduk saka utangan banjur ngomong, wo....jebul utangan ta.'
Jleger!!! kaya bledheg nyamber-nyamber ing mangsa kesanga. Alhamdulillah, aku duwe Bapak kados jenengan. Nadya tetep ngebis nanging aku mongkok.