8.18.2016

Kelemon

Mumpung ana gratisan aku tak nderek priksa kesarasan. Driji tengah tangan tengen sinuduk dom nganti metu getihe, ngunjal napas nahan rasa supaya drijine ora lara... Lengen tengen den agemi sabuk njur dikompa kanggo nanda rah sih obah-obah. Cinathet ing dluwang sak suwek kang tinulis jenengku...
Share:
Read More