Satemene kautamaning saben-saben pawongan iku dumunung ana ing telung perkara;
pandengane, menenge lan omongane. Lire kepriye? Wong kang utama iku pandengane pikir, menenge mikir lan omongane dzikir.
Pandengane pikir ing ateges saben pandengane marang samubarang, wong iku mau bisa entuk pituduh saka sing dipandeng. Sejatine saben samubarang kalir sing gumelar ana ing ngalam donya iku mujudake ayat-ayate Alloh sing kudu diwaca, iku uga diarani 'maca kahanan'.
Menenge mikir ing ateges wong kang utama saben menenge mikir, ora ngantuk utawa ngalamun. Pikirane mung tumuju marang sakabehing kabecikan, lan mikir piye supaya kabecikan sumebar ana ing lumahing bumi.
Omongane dzikir ing ateges ngomong sak omong dipikir luwuh dhisik, ora kesusu metu tundhone bakal kliru. Wong utama mono omongane ngemu kabecikan, pitutur lan ajak-ajak marang kabecikan lan kesabaran. Ora seneng ngrasani liyan, tumbak cucukan 'kulak warta adol pangrungu', luwih becik meneng tinimbang omong samubarang kang ora ana gunane.