Sing sapa wonge sregep mandheg ana ing panggonan mandheg sing nomor siji, Alloh bakal maringi gampang sakabehe urusane ana ing panggonan mandheg sing nomor loro. Kosok baline sing sapa wonge angel, wegah lan ora ajeg anggone mandheg ana ing panggonan mandheg nomor siji, kamangka Alloh bakal paring angel sakabehe urusane ana ing panggonan mandheg sing nomor loro. (Ibnu Qoyyim)
4.25.2008
4.23.2008
Tutur ing ateges paring piwulang kabecikan, ngandani, nuduhake samubarang sing apik. Uwur yaiku peparing marang putra sing awujud bandha lan sembur utawa donga pamuji marang Alloh SWT supaya para putra tansah sehat kewarasan, pinter lan migunani tumrap diri, kulawarga, agama, nusa lan bangsane.
Mula sepisan maneh para dulur, tansah bekti lan mituhu marang dawuhe wong tuwa loro.
Kakèhan gludhug kurang udan
Enggon welut didoli udhet
4.17.2008
Sedhakep awe-awe
Paribasan Jawa iki pancen gawe rasa lan pangrasaku mak dheg!!! Bareng wis ngerti karepe (soko ki-demang.com) aku banjur metani awak, ojo-ojo mengko gek awakku iki yo pantes diwenehi paribasan iki.
Sedhakep awe-awe iku ngemu suroso wong sing wis ninggalake tumindhak ala nanging sejatine atine isih pingin nglakoni. Nah!!! Akeh wong sing jare nagkune tobat ning jebule mung tobat lombok, saiki emoh-emoh ning liya dino jebul ngalkoni maneh.
Yen cara kerene kasebut munafik. Duh... Gusti Alloh mugi anggen kulo tobat saestu-estu saged kalebet taubatannasuha (tobat tenanan) lan mugi jenengan lebetaken kula sakulawarga dumateng golonganipun tiyang ingkang kumawula dumateng Panjengan.
4.16.2008
Garwa utawa bojo
Manak nangging ora biso duwe anak
Liripun kados pundi? Putra kula lan panjenengan sami punika saestu amanah saking Alloh SWT ingkang saged dados celengan kita mangke ing jaman kelanggengan menawi kita saged ngemban amanah punika kanthi sae, ananging badhe dados reridu kita sedaya wonten ing ngalam ndoyo malih-malih wonten ing akherat menawi kita mboten saged nggulawenthah kanthi sakmesthinipun.
Duh... Gusti Alloh. Keparenga Panjenengan paring daya kekiatan dumateng kawula kangge nggulawenthah para putra saingga dados putra ingkang sholeh sholehah, ngabekti dumateng Panjenengan, tiwang sepuh lan nusa bangsanipun.Ngapunten ya nak, abi jarang cedhak karo Mas Itsar lan Dik Iffa, sing sabar lan ojo lali.......... Iqro’, hafalan, sinau, sholat teng langgar..... siji maneh telpon abi ya.
Eling wong tuwo loro
Udokoro jam wolu bengi, ono konco sing ngabari menawa Ibune Bp. Fauzan Wahyu Praptono, SE (Manajer Cabang Bidaracina) sedo. Inna lillaahi wa innaa ilaihi raaji'uun. Mak dab…………. Jojo bang mawingo-wingo !!!!! Aku banjur kelingan, wis pirang-pirang wulan ora ketemu karo simbok-bapak sing neng ndeso malah ngabarke we yo ora. Wektu iku uga aku banjur ngebel simbok-bapak liwat talipun gegeme (basa jawane HP) adhiku.Kring……….kring talipun ditampa adhiku, aku banjur takon endi simbok Mek? (undangane adhiku wadon kan Cemek). Simbok kerso ngendikan nganggo talipun gegeme adhiku, mak cleessssssss rasaning atiku kadya udan ing mongso ketigo, Simbok ngendiko yen sehat lan isih dodolan bubur lemu sanajan mung sithik-sithik.
Dulur kabeh, saking repot lan akeh gawean sing dilakoni, asring anak banjur lali karo wong tuwone sing wis ngukir jiwo rogone. Eling dulur, kepiyeo wae wong tuwo loro iku sing dadi jalaran awake dhewe iki dadi koyo mengkene. Mulane saiki uga enggal-enggala ngebel, talipun utawa kirim layang/SMS (yen basa jawane : Leladi Pesen Cendhak/LPC ya’e). Saiki!!!!! Ojo nganti telat!!!!
4.15.2008
Ojo Golek Wah
Wanci aku isih sekolah neng SMAN 1 Klaten pas kelas III.A1.3, yo koyo lumrahe kanoman ing wektu kuwi, aku wis wiwit seneng karo wong wadon sanajan isih isin-isin malah gak wani ngomong marang bocahe menowo aku tresno karo dheweke.Pengin bange t aku nyedeki bocah kuwi nanging modal gak kuat, ya..... piye maneh wong tuwaku ki mung tani tur manehe mung duwe garapan sepathok. rasane pingin banget aku duwe sepeda motor (wektu kuwi sing lagi apik-apike ya Astrea Star). Tak wanek-waneke matur marang bapak sanajan sejatine ora ketekan atiku lha wong nggo mbayar sekolah wae direwangi utang-utang, aku nyuwun sepeda motor Astrea 800.
E............. opo jawabe bapak? Jawaban sing ora tak nyono-nyono, lan iki ndadekake aku sansaya ngerti werdining urip (sejating gesang). Bapak ngendiko, "Le, ojo seneng golek wah mengko akhire mung wo". Wektu iku aku durung mudeng surosone ngendikane bapak, nanging bareng karo lumakuning wektu, aku banjur mikir lan sadar menawa iku jawaban sing mlebu ono ing 'seprapat tamat'.
Nyatane saiki aku wis nyambut gawe lan alhamdulillah yen duwe sepeda motor ora angel kanggone aku. Aku banjur kelingan ngendikane bapak wektu iku. Werdine mengkene, yen arep duweni barang ojo pisan-pisan gegayuhane mung goleh wah, iki sing ndadekake wong podho ngalalake kabeh cara kanggo ngleksanakake gegayuhane. sakwisi gegayuhane klakon kanthi dalan sing ora bener, banjur konangan marang wong akeh malah dadi wooooo.
4.14.2008
Cedhak Teko Adoh Rekoso
Motto sing sederhana ning ngemu suroso sing ora cethek. cedhak teko adoh rekoso, koyo-koyo nglenggono mungguh kekuatane dhewe, amarga para-para anggotane podho duwene motor tuwo (skuter/vespa lawas 100 cc) mulane yen ngeneake acara dolan bareng-bareng gaka doh-adoh sing digayuh. Uga kanthi senboyan iku para anggotane sering-sering nyaba neng bengkel kanggo tansah ngecek mesin lan samubarang kalir sing magepokan karo vespa tuwo iku mau. Hayoooo sopo sing meh melu??????