8.18.2016

Kelemon

Mumpung ana gratisan aku tak nderek priksa kesarasan. Driji tengah tangan tengen sinuduk dom nganti metu getihe, ngunjal napas nahan rasa supaya drijine ora lara...
Lengen tengen den agemi sabuk njur dikompa kanggo nanda rah sih obah-obah. Cinathet ing dluwang sak suwek kang tinulis jenengku "SAMSURI". Tekanan darah, gula darah sajake angkane wis ora patia lumrah...
Sepatu lan kaos sikil den copot, dompet lan talipun gegem pun selehake, banjur kaaturan Munggah ing timbangan kang sinambung ing micro komputer. Isin aku ditakoni bobot awak, umur lan dhuwurku.... Tak pikir aku meh ditumbasne kaos lan sepatu, jebul dilebokne neng catetanku...
Ing wusana saka komputer alit iku banjur njedhul dluwang roll kang tinulis bobot, umur, dhuwur, lemak lan katrangan liyane magepokan karo awak Iki...
Angka kang kaserat njur dibunderi lan aku diparingi tutur, "Pak, jenengan KELEMON....!!!"
Ukara Iki wis asring keprungu saka sliramu... Iyaa kaamuu... Halah, mosok mung ngguyu ta. Iyaa kaamuu yang lagi baca tulisan ku....
Share:
Read More