10.30.2008

Tuladha Sayekti

Para sederek, gambar punika fotonipun mara sepuh kula asma pun 'Pak Slamet Riyanto'. Wonten kathah hikmah lan tepa palupi ingkang sae ingkang saged kita sedaya pendhet saking panjenenganipun mliginipun kangge kawula punika.
Ing antawisipun tuladha sayekti ingkang saged kapendhet inggih punika :
1. Bapak punika kagungan pemanggih bilih sholat jamaah punika kedah pun lampahi sedaya Muslim. Pajenenganipun saestu kenceng sanget anggenipun ngrungkepi pemanggih punika, sahingga ing saben wayah mireng adzan, Bapak budidaya saged ngrawuhi sholat berjamaah. Menawi pinuju wonten margi, lan mireng suanten adzan Bapak mandheg lajeng pados papan panggenan (masjid) kangge sholat jamaah.
2. Menawi telat sholat jamaah (masbuk), pejenenganipun budidaya sholat saklajengipun adzan. Dados menawi Dhuhur telat, Ashar insya Alloh pejenganipun ingkang adzan, menawi Ashar telat, Maghribipun Bapa ingkang adzan.
Sedere mangga pun pendhet hikmah punika, mugi sae ing sedayanipun.
Share:
Read More

10.23.2008

Mutah lan Lemesipun Anggarbini

Sampun wetawis tigang minggu punika, istri kawula nyebut lemes amargi asring mutah. Saben wayah raosipun mungkuk-mungkuk kemawon kraos badhe mutah. Panci awrat menawi nembe anggrabini enem, sapunika nembe ngancik alih wulan.
Sejatosipun kula uga mesakaken menawi mangertosi kahanan istri kula ingkang kados mekaten, punapa malih ujaripun tiyang sepuh 'pancen yen mbobot anak nomer telu iku abot-abote wong mbobot koq nak.' Nanging kedah pun niati punika kange ibadah, putra punika celengan amargi menawi kita saged nggulawenthah putra dados sholeh-sholehah, Insya Alloh mboten namung wonten donya kemawon kita badhe ngundhuh ananging wonten alam kubur lan akherat ugi badhe netes.
Pramila sederek saestu dados ibu punika panci takdiripun Alloh lan kedah pun tampi kanthi suka renaning penggalih, amargi menawi mboten wonten ibu donya punika badhe cuthel, ingkang nyambung sejarah mboten wonten.
Mugi saking guwa garbanipun istri kula badhe lair para putra ingkang saged dados tepa palupining agesang, sabar lan pinter syukur ugi ngabekti dumateng tiyang sepuhipun. Mbok bilih punika kudanganipun Manthous kangge para putra :
anakku sing bagus dhewe
sesuk pinter sekolahe

suk yen wis nyambut gawe

kudu mlaku sak mesthine

Share:
Read More

10.14.2008

Anggarbini

Rasulullah saw ngendika : ‘…..Ora ana wong wadon siji wae sing mbobot saka bojone kajaba deweke pinayungan Gusti Alloh nganti deweke ngrasakake lara amarga babaran, lan saben rasa lara sing dirasakake ganjarane kaya dene merdikaake budak sing mukmin. Yen wus babaran lan nusoni, kamangka saben tetes susu sing disesep anake ndadekake cahya kang sumunar ing ngarepane suk neng akherat, sing nggumunake saben uwong sing ndeleng. Kajaba iku deweke cinathet kaya dene wong pasa, lan umpamane pasa iku tanpa buka mesthi bakal dicathet kaya dene pasa lan sholat wengi selawasing urip. Rikala nyapeh anake Gusti Alloh Kang Maha Agung dhawuh : ‘He wong wadon, Ingsun wis ngapuro dosa-dosamu sing uwis-uwis, mula anyarna maneh sakabehing amalmu’. (Mustadrak Al-Wasail : bab 47, kaca 623)
Estu bingah rasaning manah punika, jer mangertosi bilih garwa kula nembe anggarbini putra kawula ingkang nomer tiga, nyuwun donga panestunipun mugi dipun paringi gampil ing sedayanipun. Mugi gampil anggenipun mbobot, seger waras ing sewayah-wayah, lahir saged gampil, dados putra ingkang sholeh utawi sholehah, mbangun miturut dumateng Alloh, rasul lan ugi tiyang sepuhipun, migunani mungwing agama, bangsa lan negari. Wasis ing sekathahing sumukawis, saged dados tepo palupining agesang, pinaringan slamet donya lan akheratipun.
Matur suwun lan kepareng ngaturaken sugeng riyadi sedaya lepat nyuwun pangaksami.
Share:
Read More