7.24.2008

Nyuwun Sunat (Tetak)

'Bi, yen sunat ki sakit mboten ta Bi?' Sore-sore pas preian sekolah wingi anakku lanang takon karo aku mengkono kuwi. Banjur tak jawab, 'mboten mas, mung kaya dicokot semut koq'. 'Wah yen ngoten mbok kula ndang disunatke mawon'. Kaget aku krungu penyuwunane anakku lanang, lha wong nembe kelas 2 SDIT Insan Kamil Karanganyar we koq wis nyuwun sunat.
Aku banjur rembugan karo Ummine, nanging Ummi isih mesakke 'lha isih ilik ngono we koq Bi', jarene bojoku. Yen tak pikir-pikir ya pancen mesakke, apa maneh yen rembugan karo mbah Kakung Klaten (Bapakku) mesthi saya ora pareng, paling-paling dijawab, 'Le...Le, lha wong bapakmu (aku=sing nulis) we tetake pas kelas 3 SMP ngono lho, kowe lagi kelas 2 SD we koq wis ribut!!! Ora, suk mben wae mengko malah kecenthet'.
Bareng wingi wis wiwit melbu sekolah, anakku lanang tambah 'ngedrel' maneh nyuwun sunat amarga kanca kenthele sing jenenge Hisyam jebule ya wis sunat pas preen neng ngono mbahe Purwokerto. Hayoh piye iki!!!!!
Share:
Read More

Antawisipun Sae kaliyan Leres

Ing parepatan wulanan, wonten satunggaling tutur ingkang sae saking Kepala Kantor kula. Pajenenganipun ngendika bilih, 'Yen aku kudu milih ing antarane apik utawa bener, aku bakal milih sing bener sanajan bener iku mau ora umum'.
Sederek kula ingkang pun rahmati Alloh SWT, saestu ing jaman kemajengan kados sapunika angel sanget bentenanken pundi ingkang sae lan pundi ingkang leres, pundi ingkang halal lan pundi ingkang haram. Sedaya punika betahaken ngilmu ingkang saestu-saestu pun padosi saking sumber ingkang shahih. Masyarakat sapunika sampun mlebet tataran masyarakat 'Instant' lan ugi radi 'lodhang' tumraping sedaya tumindhak ingkang mboten sae, asring mboten ngangge landesan agami kanggo mendet keputusan.
Pramila estu badhe sae mungwing kita sedaya ing akherat menawi semukawis tindak-tanduk, muna-muni ing pagesangan kita sedaya kedah hanggadahi penggalihan lan ugi kedah linambaran ngilmu agami ingkang cekap. Menawi kita dereng mangertos, kedah ngupadi saged wonten pengaosan-pengaosan, wawan pangandikan kaliyan para winasis, maos buku, layang kabar lan sakpanunggalanipun. Sahingga saestu kita saged milah pundi ingkang leres lan pundi ingkang sae, tundhonipun saged nglampahi sedaya kesaenan ingkang sampun pun garis Alloh SWT. Mugi kita sedaya pun tuntun Alloh supados saged mbentenaken ingkang leres lan lepat. Aaamiin.
Share:
Read More

7.21.2008

Mlaku Teh (Tea Walk)

Ing dino Minggu (20-06-2008) Alumniku ngenengake Family Gathering neng Gunung Mas Bogor, kanca-kanca sing saka Jakarta, Bogor, Bandung, Pamanukan kabeh padha bisa kumpul sayuk-rukun mbangun desa hehehe, mengkono uga aku ya melu nekani acara kasebut.
Ana pitutur apik sing kapethik saka acara kuwi mau, lha critane mengkene. Ing wanci iki nembe ana diklat ana ing Balai Diklat Jakarta, ndelalah kanca-kanca putri saka Jawa Timur, Jawa Tengah ya akeh sing diklat. Meneri ana acara Family Gathering sing nganggo acara Tea Walk e............ ana kanca sing diklat, wis dijaki wae bene bisa reuni-nan sisan. Banjur kanca sing saka Jawa Timur, jenenge Er nelpon bojone e........ jebul bojone ora paring lilah marang kancaku kuwi mau. Banjur kancaku iku, Er ora sida melu!!!!!
Subhanallah, aku mongkog (bangga) tenan duwe kanca putri sing pinter ngajeni kakunge, arep nyandi wae mesthi nyuwun lilah (ijin) marang kakunge. Kamangka ing jaman saiki arang-arang lho ketemu wong wadon sing ngene iki, apa maneh yen priyayi putri iku mau wing duwe kaya lan bisa golek upa dewe. Sepisan maneh, sanajan aku gelo kanca putriku iku mau ora bisa melu, ning aku tetep bombong (bangga) duwe kanca putri sing ngono kuwi.
Suwun ya Er wis menehi aku pitutur sing apik. Kanggo kanca-kanca sing wingi bisa melu matur nuwun uga lan ojo lali ’mangan ra mangan watone kumpul, ning yen wis kumpul mesthi mangan-mangan’.
Share:
Read More

Hape

Durung suwe Ummine bocah-bocah (garwaku = bojoku) kewetu tembunge ‘Mas, mbok kula ditumbasne hape sing wonten kamerane ta mas. Lha wong adhine jenengan we ditumbasne hape ngangge kamera ngoten lho!!!’
Aku banjur nglenggana pancen saktrepe dadi bojoku, Ummine ki durung nate nembung barang sing aneh-aneh apa maneh sing regane luwih saka seket ewu. Lha wong yen dijak neng Mall we seneng nonton klambi, jubah, kudung lan apa wae banjur ditiliki regane sing temempleg neng dluwang merk-e ning yen regane kliwat seket ewu, biasane banjur mencep hehehehe………
Ning saiki nganti kewetu tembunge sing kaya ngono kuwi, iki mertandani yen awakku iki durung bisa ‘adil’ marang bojo. Menawa tak gagas ya pancen kebangeten aku iki, lha wong adine wadhon we ditukokne hape nganggo kamera koq malah bojone isih nganggo hape Nokia elek type N2115. Ngapunten ya Mi, yen aku durung bisa adil marang awakmu. Duh Gusti Alloh keparenga paring pangapunten dumateng kawula ingkang dereng saged nuhoni lan ngenggeni jejere tiyang kakung.Kedadehan iki uga bisa dadi pepiling marang aku, ‘lha wong siji wae durung bisa adil ngono lho, apa maneh yen……………………………..’ hehehehe gak wani nutukke. Alahamdulillah saiki wis taktukokne hape anyar Motorola W362, ana kamerane, radio FM, MP3 player pokok cukup lah lan saiki Ummi tambah sayang ta karo Abi?
Share:
Read More

7.18.2008

Anak Wadhonku Sekolah

Ora krasa jebule aku ki wis tuwa, anakku wadhon sing kayane nembe wingi lair eeeee saiki wis sekolah. Rasane durung suwe lehku ngopeni, nggendhong, nyalini popog, ngedusi, diompoli lan liya-liyane lha koq saiki wis nyuwun sekolah neng pegrup (Play Group = KB).
Lagi wae anakku wadhon mlebu anggone sekolah, durung suwe udakara nembe entuk 3 dino, lha wong seminggu mung mlebu kaping telu je, ning mbayare ya tetep wae akeh.
Ing dino sing sepisan anakku wis gawe keget Ummi-ne (Ibune), bocahe matur 'Ummi mantuk wae, aku gak usah ditunggoni!!!' We lah bocah kendel tenan iki. Alhamdulillah aku duwe anak sing kendel.
Para sederek, sing diarani wektu kuwi terus.... wae mlaku, ora nggape awake dhewe melu mlaku utawa mandheg, ora urus uwong-uwong padha leren utawa terus. Sapa sing leren, lan sapa sing mandheg bakale rugi ing donya apa maneh neng akherat. Mula dulur ayo padha mlaku maneh, ndandani diri pribadi kanthi tumindak sing sae, kanthi amal sholeh tansah ngupadi ilmu sing mupangati urip kanggo sangu sowan marang Alloh.
Temen bejo wong sing padha iman marang Alloh, nindakake amal sholeh, sing padha ling-wineling marang kebecikan lan kasabaran.
Share:
Read More

7.08.2008

Tamu Agung

Para sederek, menawi kita sampun mireng bilih badhe wonten tamu ingkang badhe rawuh ing dalem kita, mesthinipun kita badhe tata-tata supados tamu punika saged betah lan remen pinarak ing dalem kita. Punapa malih menawi tamu punika tamu agung, tamu ingkang kita remeni, kita bekteni mesthi kemawon kita badhe langkung malih anggenipun laladi dumateng tamu punika.
Umpaminipun bapak Lurah, Bapak camat, Bapak Bupati ingkang badhe rawuh wonten dalem kita, mesthi kita badhe resik-resik omah, ngecet, nata-nata ruang tamu lan sanes-sanesipun supados katon rapi, edi peni.
Sekedhap malih kita sedaya, Muslimin badhe nyambut rawuhipun tamu agung ingkang pun wastani Wulan Ramadhan, pramila kita kedah tata-tata supados saged ngginaaken wekdal ing wulan Ramadhan punika kanthi sae lan pikantuk ridhanipun Alloh SWT. Lajeng punapa ta ingkang kedah kita sumadyaaken? Wonten 3 perkawis ingkang baken ingkang kedah kita sumadyaaken inggih punika :
1. Lahir kita. Ingkang ateges badan punika kedah saras, kangge ngadepi dhawuh ageng inggih punika siam ing wulan Ramadhan. Jagi kesarasan mesthi kemawon kedah pun estoaken. Melekan kedah pun kirangi, olahraga pun tingkataken, dhahar ingkang gizi, mboten dhahar ingkang pedes, kecut lan samukawis dhaharan ingkang saged ngganggu kesarasan kita sedaya kedah pun tebihi.
2. Bathin kita. Mangga sareng-sareng ningkataken ibadah kita sedaya ing wekdal-wekdal punika, sholat sunnah, siam sunnah, tilawah Qur'an, sedekah lan sakpanunggalanipun kangge ngulinaaken ibadah ing wulan Ramadhan.
3. Maal kita. Wonten ing wulan Ramadhan sampun limrah menawi medalipun arta kita langkung kathah amargi dhaharan ing wulan punika langkung 'berkualitas' mesthi kemawon reginipun ugi awis. Pramila wiwit sapunika kedah sampun pun sisihaken kangge ngadepi wulan Ramadhan. Seratan punika mboten ngajak dumateng panjenengan sedaya supados boros ing wulan Ramadhan, namung njagi supados kita saged kiat nglampahi siam ngantos akhir.
Mugi Alloh SWT kepareng manggihaken kita sedaya dumateng wulan Ramadhan. Aamiin. Mekaten, matur nuwun lan nyuwun pangapunten sedaya kalepatan. nuwun.
Share:
Read More