6.25.2008

Mrentek kaya Kathok Suwek

Wis lumrah menawa bocah cilik seneng jajan, mengkono uga awakku wanci isih cilik ndek biyen. Rikala semana aku nembe umur uda kara 5 tahun. Lha ndilalah ana ing kulon omahku ana wong dodolan panganan Jawa sing saben dina mandhek ana ing kono utawa dasar ana ing kono. Panganane rena-rena; tahu bunder, plencing, pecel, karak, rambak, krupuk, jajan pasar, bakmi, tempe goreng, tahu goreng, tempe gembus lan sakpanunggalane.
Wanci awan-awan mulih dolan, enaaaak tenan yen jajan plencing nganggo tahu bunder ngombene banyu kendi sing isine banyu sumur tanpa digodhog luwih disik utawa banyu mentah. wadhuh............sueger tenan. Aku matur karo simbok supaya dijajakke plencing karo tahu bunder, alhamdulillah simbok kersa banjur aku nyuwun karo bakul (Mbah Kromo Mbothem). E..... bareng wis entuk plencing karo tahu bunder.... koq rasane isih pengin mangan tempe gembus ya, Aku matur marang simbok 'Mbok, tempe gembuse siji ya?'. Simbok banjur mangsuli 'lha koq mrentek-mrentek kaya kathok suwek!!!!'. Hehehe ana-ana wae.

Share:
Read More

Tutur dadi Sembur

Rikala aku isih sinau neng Sekolah Dasar (SD) ana ing desaku Karangdowo Klaten, aku didhawuhi bapak supaya rewang matun eneng sawah. Lha sawah iku mau panggonane jejer karo sawahe simbah cilik (adhine simbah) sing jenenge Mbah Hardo.
Dasar aku bocah kesed tur manehe ringkih, pinuju pas matun aku asring capeng utawa malang kerik amarga rasane boyokku pegel kabeh, lha ora nate nyambut gawe neng sawah tur ndungkluk koq didhawuhi matun.

Semune Mbah Hardo nggatekake anggone asring ndengengeg bantujur capeng iku mau. Mbah hardo alok marang aku, 'Sam.........Sam.......lha wong matun koq mung malang kerik wae, kowe ki ora pantes dadi wong tani, pantese dadi priyayi'.

Wanci dilokke kaya ngono kuwi atiku rada serik, wadhuh....... jebul Mbah Hardo mriksani aku ta? Isin aku, apa maneh bapak ya melu ngulati aku, mesthi wae kanthi polatan sing ora nyenengake. Aku mudeng endi polatane bapak sing penak lan endi sing ora kepenak.

Kedadeyan iku tak eling-eling tenan nganti saiki. Aku ora ngira jebul ngendikane Mbah Hardo jaman semana iku dadi donga mungwing awakku. Bareng saiki aku wis ngancik dhewasa (umurku saiki wis 34 taun), aku malah matur nuwun marang Mbah Hardo, tenan!!!! saiki aku ora dadi wong tani, nanging dadi priyayi lan malah saiki cekel gawe ana ing Jakarta.

Crita iki bisa diwastani 'Tutur dadi Sembur' sing ateges rembug utawa pangandikane wong tuwa sing dadi donga. Mula saiki aku wis dadi wong tuwa (anakku 2), mesthine kudu ngati-ati yen ngendikan apa maneh marang para putra.
Share:
Read More

6.23.2008

Kunci Sakinah Mawadah wa Rahmah (5)

Punika kunci kulawarga sakinah mawaddah wa rahmah ingkang pungkasan, mboten sanes inggih punika 'Ash-shadaqah' ingkang ateges weweh utawi menehi. Kedah pun enget bilih weweh punika anggadhahi kekiatan ingkang ageng, sinten tiyang ingkang purun lan sregep weweh insya Alloh badhe pikantuk leliru saking ngarsanipun Alloh. Mekaten ugi kulawarga ingkang purun weweh dumateng sesamining agesang badhe sansaya kiyat kulawarga punika, rukun, tentrem lan kathah pun dongakaken sesami.

Pramila wonten ing salebeting kulawarga, sae punika kulawarga enggal langkung-langkung kulawarga ingkang sampun dangu kedah nuwuhaken wiji remen weweh lan tansah ikhlas namung pados ridhanipun Alloh. Saestu para sederek bilih shadaqah punika mbetahaken kekiatan, utaminipun kekiatan iman. Weweh punika mboten kedah bandha donya, ananging saged arupi punapa kemawaon ingkang mupangati dumateng tiyang ingkang pun wewehi. saged sandangan, pangan, papan malah sanajan namung esem punika ugi mujudaken shadaqah.
Share:
Read More

6.09.2008

Kunci Sakinah Mawadah wa Rahmah (4)

Salajengipun, kunci sakinah, mawadah wa rahmah ingkang ugi wigatos inggih punika 'Birul walidain' inggih punika bekti dumateng tiyang asepuh, sae punika tiyang sepuhipun kiyambak ugi mara sepah.
Kulawarga ingkang mboten bekti kaliyan tiyang sepuhipun mboten badhe saged nemahi kantentreman ing pagesanganipun. Kathah-kathahipun kulawarga ingkang mekaten punika badhe nemahi bebendu, amargi tiyang sepuh mekaten 'malati' lan sedaya tutur lan rembagipun dumateng para putra punika dados doa ingkang ijabah wonten ngarsanipun Alloh SWT.

Menawi tiyang sepuh sampun tatu penggalihipun lajeng ngendikan ingkang mboten sae dumateng para putra, saestu punika saged nemahi. Pramila bekti dumateng tiyang sepuh estu pun kiyataken wonten ing ajaran Islam, lan perlu pun emut bilih bekti dumateng tiyang sepuh saged dados margi kita sedaya lumebet wonten surganipun Alloh SWT.
Share:
Read More